Sabtu, 12 Maret 2011

Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå. Bathårå Guru lêlênggahan kaliyan garwå Bathari Umå.

= 05 / 05 =


8. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå. Bathårå Guru lêlênggahan
kaliyan garwå Bathari Umå.

Rêraósan manawi ing sapunikå bumi pulo Jawi sampún råtå bótên
gonjíng.
Sartå karsanipún Hyang kang Måhå Kawåså, pårå Déwå lan
gólónganipún sami bótên kéngíng ing pêjah.
Bathara Guru lajêng nyiptå Déwa pitu ingkang ngrêkså lan nyanggå
bumi,
1. Dèwi Pratiwi, ngrêksa bumi sap kapisan.
2. Bathårå Kusikå, ngrêkså bumi sap kapíng kalíh.
3. Bathårå Ganggang, ngrêkså bumi sap kaping tigå.
4. Bathårå Sindhulå, ngrêksa bumi sap kapíng sêkawan.
5. Bathårå Dharampalan, ngrêkså bumi sap kapíng gangsal.
6. Bathårå Manikêm, ngrêkså bumi sap kapíng nêm, lan
7. Bathårå Antabogå, ngrêksa bumi sap kapíng pitu, sagêd malíh warni
någå agêng mawi swiwi.
Sasampunipun punikå, Bathara Guru lajêng mranåtå Déwå cacah
sangå, minångkå kanggé paugêraníng manungså, inggíh punikå.
1. Bathårå Mahadéwå, garwanipún nama Bathari Mahadèwi,
nguwaósi jagad wétan, pêkênanipún Lêgi, kithanipún salåkå,
sagantênipún santên, pêksinipún kúntúl, aksaranipún hå nå cå rå kå.
2. Bathårå Sambo, garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå,
nguwaósi jagad kidúl, pêkênanipún Paing, kithanipún têmbagi,
sagantênipún rah, pêksinipún wulúng, aksaranipún då tå så wå lå.
3. Bathårå Kåmåjåyå, garwanipún nåmå Bathari Ratíh,
nguwaósi jagad kidúl, pêkênanipún Pón, kithanipún mas,
sagantênipún madu, pêksinipún kêpodhang, aksaranipún på dhå jå
yå nyå.
4. Bathårå Wisnu, garwanipún nåmå Bathari Sri,
nguwaósi jagad lèr, kithanipún tósan, sagantênipin nilå, pêkênanipún
Wagé, pêksinipún gagak, aksaranipún må gå bå thå ngå.
5. Bathårå Bayu, garwanipún nåmå Bathari Sumi,
nguwaósi jagad têngah, pêkênanipún Kliwón, kithanipún prunggu,
sagantênipún wédang, pêksinipún gogík, aksaranipún ångkå wicalan
sadåså, 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0.
6. Bathårå Pritånjålå,
nguwaósi jagad lèr wétan, aksaranipún Byå-byå.
7. Bathårå Kuwóra,
nguwaósi jagad lèr kilèn, aksaranipún Nåråsunyå.
8. Bathårå Siwah,
nguwaósi jagad kidúl kilèn, aksaranipún Nirwitri, lan
9. Bathårå Mahayêkti,
nguwaósi jagad kidúl wétan, aksaranipún Ganyå.
Sadåyå punika lajêng dipún wastani Sastrå Undhagi, Sastrå
Wrêkså, inggíh nama Sastrå Kalang, kanggé paugêran damêl wísmå,
lan wêwatón sanès - sanèsipún, amríh kalís ing pitunå lan
sambékålå.
Bótên watawís dangu katungkå sowanipún Bathårå Patúk lan
Bathara Tamburu, atúr uningå, wóntên dênåwå ngamúk ngrisaki
kawóntênan, margi sami bótên narimahakên tugêlíng jangganipun
Dityå Kålå Rau.
Pårå Déwå kadhawuhan nyirnakakên pårå dênåwå ingkang sami
damêl rêsah.
Pårå Déwa sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
Wóntên ing pabaratan, pêrangipún pårå Déwa lan pårå dênåwå
ingkang dipún dombani Bathårå Antågå.
Wêkasan pårå dênåwå sami kasór sírnå larút.
Bathårå Bayu tayungan, lajêng sami wangsúl dhatêng Kahyangan.
9. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru dipún adhêp
pårå Déwå pêpak. Sadåyå sami sukå - sukå langên lénggót båwå,
déné jagad ginêlar sampún kalís ing sambékålå.
Tancêb Kayón.
sastra_wreksa
Sastra Wreksa

. Kocap Bathårå Guru, ing sabidhalipun pårå Déwå, lajêng ugi bidhal

= 04 / 05 =
6. Kocap Bathårå Guru, ing sabidhalipun pårå Déwå, lajêng ugi bidhal
nusúl anjampangi panyambút damêlipún pårå Déwå.
Sumêrêp pårå Déwå sami pêjah ngunjúk toyå wiså.
Rèhné botên mangêrtós sababipún, sartå ing wêkdal punikå ugi sangêt
ing ngóróngipún, nuntên agahan ngunjúk toyå sêndhang wiså.
Nangíng sawêg dumugi ing jånggå, kraós sakít, lajêng dipún utahakên,
jangganipún kalajêng biru gósóng, milå lajêng pêparab sang Hyang
Nilåkånthå, têgêsipún jangganipun biru gósóng.
Ingriku wóntên swantên tanpå rupi, Bathara Guru kadhawuhan lajêng
minggah malíh dhatêng rêdi Mandårå.
Ingriku wóntên sêndhang isi toyå panggêsangan.
Pårå Déwa ingkang sami pêjah, kapuríh nêtêsi toyaníng sêndhang isi
toyå panggêsangan wau.
Bathårå Guru nuntên minggah ing rêdi Mandårå (Rêdi Mandårå
punika ingkang kanggé mutêr samodrå susu, ngêdalakên Toyå Wiså,
lan Toyå Amrêtå, Toyå panggêsangan) mêndhêt toyå panggêsangan
kawadhahan ing sangku, lajêng murugi panggènanipún pårå Déwå
ingkang sami pralåyå.
Sadåyå sami dipún tètèsi toyå panggêsangan, sadåyå sami gêsang.
Pårå Déwå lajêng sami ngunjúk toyå panggêsangan wau.
Awít sakíng karsanipún Hyang Kang Måhå Kawåså, pårå Déwå lan
gólónganipún sami bótên kéngíng ing pêjah ing salami-laminipún,
sanadyan sagêd kéngíng ing sakít sawatawis.
7. Lampahipún Bathårå Wisnu sakaliyan Bathårå Cåndrå inggíh pêparab
Bathårå Badråmåyå, lan pårå Déwå sadåyå.
Sasampunipún ngunjúk toyå panggêsangan, lajêng sami tumandang
damêl.
Kocap ing jagad Antarikså, wóntên titahíng Hyang Måhå Kawåså,
nama Dityå Kålå Rau, inggíh Dityå Kålå Rêmbuculúng, sumêrêp pårå
Déwå sami ngunjúk toyå panggêsangan, lajêng niyúb mangandhap,
mêndhêt cupu wadhah toyå panggêsangan kabêktå minggah ing akåså,
cupu têrús kauntal.
Konangan déníng Bathårå Cåndrå, (Sagêd nganggé wayang Kyai
Sêmar, utawi Déwå srambahan sanèsipún.
Têmbúng Cåndrå têgêsipún rêmbulan. Déné Bådråmåyå têgêsipún,
rêmbulan ingkang cahyanipún måyå - måyå). lapúr dhatêng Bathara
Wisnu, ingkang trangginas énggal namakakên sanjåtå cakra daksånå,
kéngíng jangganipún Ditya Kålå Rau (Têmbúng Rau asal sakíng båså
Mêsír Kinå, têgêsipún Suryå. Ing båså Hindhu lan Jawi kina lajêng
dadós Rawi, Radityå, lan sasaminipún.) tatas tugêl sirahipun,
gêmbúng gumlúndhúng dhawah ing bantålå.
Kacariyós lajêng dadós lêsúng kanggê nutu pantún.
Déné sirah sampún kasrambah ing toyå Amrêtå, sagêd gêsang ing
salami-laminipún, sangêt ing muríng-muríngipun dhatêng Bathårå
Cåndrå, mila lajêng tansah dipún ubêr-ubêr, manawi kacandhak,
lajêng dipún caplók dipún untal malang.
Inggíh punika purwanipun wóntên grahånå rêmbulan, lajêng tiyang
tani sami kothèkan nabuhi lêsúng, pamrihipún badanipun Dityå Kålå
Rau lajêng kraós sakit, sirahipún mumêt, rêmbulan lajêng dipún
utahakên.
Wóntên ing pakêliran, punika dadós prang sêkar, Bathara Wisnu
prang mêngsah Ditya Kala Rêmbuculúng, ingkang dipún dombani
pårå dityå titisanipún Bathårå Antågå inggih Hyang Kålå Rudrå.
Ing salajêngipún kusumanggakakên sanggiting pakêliranipún lan

gêndhing - gêndhingipún.
ditya_rembu
Ditya Rembuculung
.

Ing Rêpat kapanasan, pasébanipún pårå Déwå sadåyå sami ngrêmbag prayoginíng lampah.

= 03 / 05 =

3. Ing Rêpat kapanasan, pasébanipún pårå Déwå sadåyå sami ngrêmbag
prayoginíng lampah.
Sasampunipun samaptå sadåyå, lajêng bidhal gugúr gunúng ngråtå
bumi pulo Jawi.
Prang Ampyak, Prampógan Déwå ngicali mégå mêndhúng pêpêdhút
ingkang ngalang alangi margi.
Punikå ing pakêliran lajêng dadós Jêjêr Kapisan, gapuran, kadhatónan,
paséban-jawi, kapalan, lan prang ampyak.
4. Madêg ing Kahyangan Sonyaruri.
Bathara Ismåyå sakaliyan garwå Dèwi Sênggani.
Nalikå punika Bathårå Ismåyå kaliyan garwå Dèwi Sênggani sampún
kagungan putra sêdåså cacahipún,
1. Bathårå Wungku’am inggíh Bathårå Bóngkókan.
2. Bathårå Wréhaspati,
3. Bathårå Yåmådipati,
4. Bathårå Súryå,
5. Bathårå Cåndrå,
6. Bathårå Kuwérå,
7. Bathårå Patút, inggíh Bathårå Patúk utawi Patúh,
8. Bathårå Tamburu,
9. Bathårå Kåmåjåyå, lan
10. Dèwi Sarmanasiti inggih Dèwi Darmanastiti.
Bathårå Ismåyå dhawúh dhatêng pårå putrå, kapuríh tumút ambantu
pårå Déwå, gugúr gunúng andhungkari rêdi Jamúrdipå kawaradinakên
bumi pulo Jawi.
Pårå putrå sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
5. Kocap wóntên titahíng Hyang Kang Måhå Kawåså, nåmå Bathårå
Cålåkuthå ing Kahyangan Wisåbawånå.
Nuju lênggah wóntên ing kadhatónipún, dipún adhêp wadyåbalanipún
bangsaning upas wiså mandi, Kålå Katónggèng, Kålå Jêngkíng, Kålå
Abang lan sapanunggalanipún.
Bathårå Calakuthå midhangêt wartå, manawi pårå Déwå sami gugúr
gunúng andhungkari rêdi Jamúrdipå, nrajang ngrisak kadhatónipún.
Mila sangêt ing dukanipún, lajêng bidhal nêdyå ngalàng-alangi
tumindakipún pårå Déwa, kêbút sawådyå balanipún.
Wóntên ing margi lampahipún kapapag kaliyan pårå Déwå.
Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå.
Wadyanipún Bathårå Cålåkuthå sami kasóran, lajêng ngoncati.
Pårå Déwå sami ngoyak palajêngipún Bathårå Cålåkuthå.
Prang gagal.
Palajêngipún Bathårå Cålåkuthå dumugi èrèng - èrèngíng rêdi
Jamúrdipå, lajêng nyiptå sêndhang ingkang toyanipún sangêt wêníng
nangíng måwå wiså mandi.
Pårå Déwa anggènipún ngoyak dumugi laladan ngriku, sami sangêt
ngóróngipún.
Sumêrêp sêndhang ingkang toyanipún sangêt wêníng wóntên
sangandhaping rêdi Mandårå, lajêng sami agahan ngunjuk sakatógipún, têmah pårå Déwå sami pêjah sadåyå.
bathara_patuk
Bathara Patuk

Ladrang Srikatón. Madêg Bathårå Maník inggíh Bathårå Guru

= 02 / 05 =


2. Ladrang Srikatón. Madêg Bathårå Maník inggíh Bathårå Guru,
lajêng nyiptå kadhatón minångkå Kahyanganipún, dipún
wastani Kahyangan Junggríng Salåkå inggíh Kahyangan Ujúng
Giri Kailåså.
Nuntên mundhút garwå minångkå saktinipún, putrinipún
Bathårå Umaran ing nagari Parasu, nåmå Dwi Umå.
Ing salajêngipún Bathårå Guru kaliyan garwå Dèwi
Umå pêputrå gangsal kakúng sadåyå,
1. Bathårå Sambo,
2. Bathårå Bråmå,
3. Bathårå Indrå,
4. Bathårå Bayu, lan
5. Bathårå Wisnu.
Nalika punikå Bathara Guru Sakaliyan garwå nuju miyós
siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan para Déwå
(Têmbúng Déwå asal sakíng basa Sanskrita Jawi-kina - Dew,
têgêsipún Cahyå.)
Nalikå punika pårå putrå dipún cariyósakên sampún kagungan
kahyangan lan garwå piyambak - piyambak.
1. Bathårå Sambo ing Kahyangan Hargådaksinå,
Swargådaksinå inggíh Kahyangan Swélågringgíng,
garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå lan Dèwi Astuti.
2. Bathårå Bråmå ing Kahyangan Hargådahånå (Swargådahånå),
garwanipún tigå, Dèwi Sad (Wasi), Dèwi Saraswati, lan
Dèwi Rarasati.
3. Bathårå Indrå ing Kahyangan Surålåyå inggíh
Kahyangan Indralokå, garwanipún nåmå Dèwi Wiyati,
Bathårå Indrå kawajiban mranåtå pårå Déwå, lajêng nyíptå
pagêlaran, nåmå Rêpat Kapanasan, Kadhatón Kênyapuri
Tinjomåyå, titihan Dwipånggå nåmå Héråwåta inggíh
Héråwånå,
4. Bathårå Bayu, minångkå déwaníng angín lan kêkiyatan ótót
bayu, ing Kahyangan Pusêrbawånå inggíh Kahyangan Swargå
Panglawúng, garwanipún nåmå Dèwi Sumi.
5. Bathårå Wisnu ing Kahyangan Uttåråsagårå inggíh
Uttaraswargå, Déwå ingkang mêmayu hayuníng bawånå,
garwanipún tigå, Dèwi Sri, Dèwi Pratiwi lan Dèwi
Sriyuwati inggih Dèwi Pujåyanti, patamananipún nåmå
Sriwêdari, titihanipún pêksi garudhå, nama Brihawan.
Nalikå punikå Bathara Guru sakaliyan garwå nuju lênggah
siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan pårå Déwå, Bathårå Guru
ngandikå, manawi ing wêkdal punika bumi pulo Jawi taksíh gonjing anjómplang, margi ing sisíh kilèn wóntên rêdinipun agêng inggíl, nåmå rêdi Jamúrdipå.
Bathårå Guru dhawúh supadós rêdi Jamúrdipa dipún dhungkari dipún gêmpali, kausúng kawaradinakên mangétan.
Sadåyå sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
bathara_sambo
Bathara Sambo

Lampahan Manik Maya Jagad Ginelar

Lampahan Manik Maya Jagad Ginelar  
= 01 / 05 =

Pakêm kinå kalarasakên kaliyan kawóntênan sapunikå

1. Anggêdhóg kothak kapíng gangsal, gångså mungêl Ayak-
ayakan, kalajêngakên gêndhíng Kawít, minggah ladrang Kawít,
laras Sléndro pathêt Manyurå.
Sasampunipun Kayón (Gunungan) kabêdhól,
kagêtêrakên lêmbat, kalóród mangandhap, mandhêg kapíng tigå,
têrús amblês mangandhap ing palêmahan kêlír.
Kayón lajêng kalampahakên alón gêtêr mangiwå-manêngên
wongsal -    wangsúl.
Nuntên tancêb jêjêg ing dêbóg nginggíl.
Gêndhíng kasirêp (mungêl liríh), lajêng kacaritakakên kajantúr:
Nalikå awang awang - uwúng uwúng, dèrèng wóntên punåpå
punåpå, Hyang Måhå Kawåså manggèn
wóntên satêngahíng kawóntênan, nyíptå dumadósíng pasthi.
Wóntên swantên ambêngúng ngêbêgi jagad kadós swantêníng
gênthå kêkêlêng.
Ingriku wóntên cahyå pacihang gumêbyar mungsêr bundêr
kadós antigå (tigan) gumandhúl tanpå canthèlan.
Énggal dipún astå déníng Hyang Måhå Kawåså, dipún pujå :
1. Cangkókipún, dadós bumi lan langít,
2. Pêthakipún, dadós cahyå lan téjå,
3. Jênnipún, dadós maník lan måyå.
Sasampunipun jagad gumêlar, cahyå, téjå, maník lan måyå,
ingkang nalika punika dèrèng kasumêrêpan, pundi
ingkang rumiyín lan pundi ingkang kantún.
Sadåyå lajêng kapujå dadós rupi manungså, kadós Bambangan
bagús.
Gångså wudhar, mantún sirêpan.
Gunungan kabêdhól, tancêp ing simpingan
sisih têngênipún Dhalang.
Bambangan bagús sêkawan kawêdalakên, madhêp manêngên,
tancêp ing dêbóg ngandhap sisih kiwå, tangan  ngapurancang.
Gêndhing Kawít minggah ladrang Kawít, lajêng suwúk, dipún
suluki pathêt Nêm jangkêp, lajêng pangandikan.
Swantên tanpa rupi : 

Sirå kabèh, cahyå, téjå, maník lan måyå. Wús Ingsún pujå rupå
manungså.
Cahyå, sira aran Bathårå Nurrådå (Narådå), Téjå aran Bathårå
Téjå iya Bathårå Antågå, Maník aran Bathårå Maník iyå Bathara
Guru, déné Måyå aran Bathårå Måyå iyå Bathårå Ismåyå.
Ingsún iki kang Måhå Kawåså, sira kabèh Ingsún kawasakaké
gawé lêlakón ånå sajroníng jagad gumêlar iki.
1. Bathårå Maník, Ingsún kawasakaké mranåtå jagad Trilokå,
jagadíng pårå Déwå, jagadíng pårå lêlêmbút, lan jagadíng
pårå manungså.
2. Bathårå Nurrådå Ingsún kawasakaké ngêmbani mranåtå karo       
Bathårå Maník.
3. Bathårå Ismåyå Ingsún kawasakaké mómóng pårå manungså
kang laku bêcík.
4. Déné sirå Bathårå Antågå, Ingsún kawasakaké nyoba
antêbíng tékadé pårå titah.


Bathårå sêkawan nyêmbah matúr sandikå, lajêng bidhal ningali kawóntênaníng jagad gumêlar.
Bathårå Antågå ing bénjíng turasipún dadós Kyai Tógóg, Pugúh, Antågå inggíh Kyai Téjåmantri.
Déné Bathårå Ismåyå ing bénjíng asríng manitís dhatêng turasipún ingkang nama Kyai Badråmåyå inggíh Kyai Sêmar.
bathara_Guru
Bathara Guru

Unggah Ungguhing Basa A. Katrangan

Bab V - Unggah Ungguhing Basa A. Katrangan:
Basa Jawi punika pepak sanget, ngantos tiyang manca manawi badhé nyinau basa Jawi asring rumaos kewalahan, amargi saking kathahing sinonim tembung Jawi, caranipun ngetrapaken basa antawisipun tiyang ingkang bènten umur umuranipun utawi derajatipun lan malih pancèn wonten tembung tembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten
utawi boten matis.
Upaminipun tembung mangan: sinonimipun (dasanamanipun):
maem, dahar, madhang, malah taksih kathah panganggènipun ing basa kasar.
Antawisipun laré kaliyan nèm nèman sampun boten cak - cakanipun, semanten ugi antawisipun nèm nèman kaliyan tiyang sepuh lan sapanunggilanipun.
Lan malih asring wonten tembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten (dèrèng dipun sumerepi) upaminipun tembung: kadingarèn, upil, karipan, maido, lan sapanunggilanipun.
Manawi dipun tingali saking pandapuking tembung, kathah sanget éwah éwahipun, margi saking pepaking ater ater (awalan), seselan sarta panambang (akhiran) punika badhé katerangaken ing wingking.
Déné unggah ungguhing basa inggih punika caranipun ngetrapaken basa dhumateng tiyang ingkang dipun ajak gineman.

B. Unggah ungguhing Basa.
1. Basa Ngoko.
Basa ngoko, kapérang:
a. Ngoko Lugu,
wujudipun tembung tembungipun ngoko sadaya.
dipun ginakaken.
1. Dhateng sesami ingkang sampun kulina.
2. Dhateng kapernah nèm (anak, putu, murid, sémah).
3. Manawi pinuju ngunandika.
4. Wonten ing buku buku karangan (wucalan).

b. Ngoko Andhap Antya Basa,
wujudipun: ngoko, krama inggil.
dipun ginakaken:
1. Dhateng tiyang ingkang langkung enèm nanging langkung inggil derajatipun.
2. Priyantun kaliyan priyantun ingkang kulina ngoko.
Tuladha:
- Apa sliramu mengko sida tindak pasar mundhut bakal klambi? c. Ngoko Andhap Basa Antya,
wujudipun: Ngoko, krama inggil dipun selingi krama.
dipun ginakaken: antya - basa.
Tuladha:
- Coba panjenengan pirsani, bapak ora saéstu tindak, la kaé lagi maos buku. 2. Basa Madya:
Basa madya dipun ginakaken tiyang tiyang ingkang boten nggatosaken basa ingkang saé, racakipun tiyang padhusunan utawi paredèn lan tiyang pekenan.
Tuladha Basa Madya:
- nika, niku, ajeng, teng, nèk, saweg, napa, pripun, samang dika, lsp.
Basa Madya Kapérang:
a. Madya Ngoko,
wujudipun ngoko, madya.
Tuladha:
- Nèk dika ajeng tuku akèh mengké kula wèhké rada murah. b. Madya - Krama,
wujudipun: Madya kaliyan krama.
Tuladha:
- Dos pundi ta samang nika, sinjang saéné kados ngaten kok diwastani awon. c. Madya Antara,
wujudipun: Madya krama, krama inggil.
dipun ginakaken:
1. Priyantun dhateng tiyang kapernah sepuh nanging mimpang drajad.
2. Garwa priyantun.
3. Priyantun kaliyan priyantun ingkang sampun kulina.
Tuladha:
- Napa panjenengan ajeng ngersakaken mirsani bioskop, nèk kersa ngga kula dèrèkaken. 3. Basa Krama,
Basa Krama kapérang:
a. Kramantara,
wujudipun krama thok krama lagu.
dipun ginakaken:
1. Kanca kanca ingkang déréng kulina.
2. Wonten buku buku karangan (wucalan).
Tuladha:
- Nuju satunggiling dinten pun Kancil saweg mlampah mlampah wonten sapinggiring lèpèn, lsp. b. Muda Krama,
wujudipun: Krama lan krama inggil.
Basa Muda krama basa ingkang saé lan alus piyambak.
Ingkang ngginakaken:
1. Tiyang nèm dhateng tiyang sepuh.
2. Murid dhateng gurunipun.
3. Priyantun kaliyan priyantun.
Tuladha:
- Kula dipun dhawuhi bapak guru, supados matur kaliyan bapak, manawi bapak guru bénjing dinten Minggu badhé tindak dhateng dalemipun bapak. c. Krama Inggil,
wujudipun: Muda krama, namung tembung: mu- dalem, aku - abdi dalem, kowé - panjenengan dalem. dipun ginakaken tumrap para luhur / ratu.
Tuladha:
- Abdi dalem boten saged sowan ngarsa dalem, amargi anakipun dalem saweg sakit. d. Wreda krama,
wujudipun: krama nanging ater ater lan panambang boten dipun kramakaken.
Tuladha:
- Manawi diparengaké griyané ingkang kilèn punika kula enggènané. "di", "é", "aké" boten dipun kramakaken.
e. Krama désa,
Krama désa punika basanipun mesthinipun boten wonten kramanipun kapeksa dipun kramakaken, wonten malih mesthinipun sampun dipun kramakaken margi saking kirang maremipun lajeng dipun kramakaken malih.
Tuladha:
- jaran, kramanipun kapal dados kepel. - dhuwit, kramanipun arta dados yatra - tuwa, kramanipun sepuh dados sepah - belo, kramanipun dados belet - dhelé, kramanipun dados dhekeman - Boyolali, kramanipun dados Bajulkesupèn 4. Basa Kedhaton,
Basa kedhaton dipun ginakaken para abdi dalem kraton manawi pinuju gineman kaliyan ratu.
Tuladha:
- manira = aku
- pakènira = kowé
- enggah = inggih
- darbé = duwé
- boya = ora
- besaos = bae
5. Basa Kasar,
Basa kasar dipun anggé tiyang urakan, tiyang paben, tiyang saweg nepsu, lsp.
Pokokipun boten sekéca manawi dipun mirengaken.
mila ing ngriki boten perlu dipun rembag.

Cathetan:
Andharan ing nginggil punika prasasat kantun dados téori, kirang praktis.
Mila limrahipun kaum guru namung mlètèr murid murid mawi basa krama ingkang mèh mesthi kanggénipun: Muda krama.

Panyeratipun Basa Jawi Mawi Aksara Latin

Bab IV - Panyeratipun Basa Jawi Mawi Aksara Latin
A. Panganggènipun Aksara Ageng:
1. Kanggé nyerat irah - irahan (bab).
2. Aksara ing wiwitaning ukara.
3. Kanggé nyerat nama mandiri.
Upami:
Musi, Paimin, Ciamis. pasopati, lan sapanunggilipun.
4. Cekakan, upami: ABRI.
5. Ingkang kaanggep wigatos: Ingkang Maha Wikan. ....... badhé leladi dumateng Nusa, Bangsa, lan Agama.
B. Ingkang Adaan Sanget Panyeratipun:
1. Ponorogo leresipun: Panaraga sopunika leresipun: sapunika Bongsa leresipun: bangsa 2. Sepélé, mréné, gègèr, kètèl, kabèh Swanten "é" lan ‘è" kedah kaserat mawi "e" lan pratandha layar nginggilipun.
3. Kuthuk, dhuwur, kathok, kodhok Aksara t kaserat dados "th"
Aksara d kaserat dados "dh"
4. kluwak, luwak, kuwat, kowat Swanten "u" utawi "o" kasusul ing swanten "a" kedah mawi aksara manda. 5. sekalian, kadang kadéyan, liyané, sampéyan Pindahipun swanten "i" utawi "é" dhateng swanten "a" mawi aksara manda swara "y".

Panyilahing Tembung (Jinising Tembung)

Bab III - Panyilahing Tembung (Jinising Tembung) 
A. Jinising tembung kalarasaken kaliyan basa manca.
1. Tembung Kriya (Verb);
sadaya tembung ingkang nerangaken tumindak padamelan:
nulis, mucal, nyawang, lan sapanunggilanipun.
2. Tembung Aran (Substantive);
sadaya tembung ingkang mastani namaning barang ing maujud utawi ingkang dipun anggep maujud (abstrak):
buku, kursi, angin, sétan, kapinteran, ngèlmu, lan sapanunggilipun.
3. Tembung Kawontenan (kaanan = ajective);
sadaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun barang: gedhê, dawa, ireng, kumaki, merdika, lan sapanunggilipun.4. Tembung Katrangan (Adverb);
sadaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun kriya:
mesthi, mau, banget, mbokmenawa
, lan sapanunggilipun.
5. Tembung Sesulih (pronoun):
sadaya tembung ingkang dados sesulihipun barang maujud utawi ingkang kaanggep maujud: punika kapérang dados 5 golongan:
a. Tembung Purusa (tiyang): aku, kowé, dhèwèké, anu, banget, mbokmenawa, lan sapanunggilipun.
b. Tembung Darbé: ku, mu, e, c. Tembung Pitedhah (pitudhuh): iku, kaé, kuwi, punika. d. Tembung Pitakèn: sapa, apa, endi, ngendi, kepriyé, lan sapanunggilipun.
e. Tembung Panggandhèg: kang, sing, ding.6. Tembung Wicalan (wilangan : cacah) = numeral :
- siji, loro, sapisan, saméne, sawatara, lan sapanunggilipun.
7. Tembung Panggandhèng (conjunction):
Tembung ingkang kanggé nggandhèng ukara utawi tembung: lan, sarta, tur, kathik, mulané, sarèhné, lan sapanunggilipun.8. Tembung Panggenah (artikel): sing, sang, ponang, lan sapanunggilipun.
9. Tembung dunung (preposition):
Tembung ingkang nedahaken enggon/enering barang: ing, ngarep, mburi, menyang, déning, lan sapanunggilipun.10. Tembung Panguwuh (interjection) = panyuru:
Tembung ingkang mratélakaken panguwuh / sesambat: lo, wah, wo, adhuh, toblas, lan sapanunggilipun.
A. Tulada Ngudhal Ukara Miturut jinising Tembung.
Manawi bab ingkang kapengker ngudhal ukara miturut kalenggahaning / pangkating tembung, inggih punika madosi jejer, wasésa, lésan lan warni warnining katrangan, ing bab punika ngudhal jinising tembung inggih punika madosi tembung tembung ingkang kadadosaken saking tembung kriya, tembung aran, sesulih, wilangan lan sapanunggilipun.
Terkadhang wonten malih supados ngudhal tembung, inggih punika tembung wau dipun padosi lingganipun, ater ater, panambang, lajeng kalebet rimbag punapa.
Tuladha ukara.
- Mau ésuk aku ketekanan tamu saka Sragèn.
Miturut lenggahing tembung:
aku = jejer
katekanan = wasésa
tamu = lésan kang tumindak
mau ésuk = katrangan mangsa
saka Sragèn = katrangan panggonan

Miturut Jinising Tembung:
mau ésuk = tembung katrangan wayah
aku = sesulih
katekanan = kriya
tamu = tembung aran
saka = tembung dunung
Sragèn = tembung aran.

Miturut Pandapuking Tembung:
mau ésuk = tembung jamboran
aku = lingga
katekanan = lingganipun teka angsal ater ater ke
lan panambang an, kalebet tanggap ka
i-kriya.
tamu, saka, Sragèn = tembung lingga.

Tuladha malih :
- Bocah cilik, adiné Mariyem iku, nukokaké jeruk adiku.Miturut jinising tembung:
bocah = tembung aran
cilik = tembung kaanan
adiné = tembung aran
Mariyem = tembung aran
iku = tembung sesulih
nukokaké = tembung kriya mawa lésan
adiku = tembung aran.

Miturut Lenggahing Tembung;
bocah cilik = jejer
adiné Mariyem iku = katrangan jejer
nukokaké = wasésa
jeruk = lésan kang nandang
adiku = lésan kang pinurih.

Miturut Pandapuking Tembung:
bocah cilik = tembung jamboran
adiné Mariyem = tembung jamboran
iku = lingga
nukokaké = n + tuku + aké + tanduk ké kriya
jeruk = tembung lingga
adiku = tembung andhahan: adi + ku
adiné = tembung andhahan: adi + é.

Ukara Miturut Suraosipun.

II. Ukara Miturut Suraosipun.
Miturut suraosipun ukara kapérang:
a. ukara carios (carita)
b. ukara pitakèn
c. ukara pakèn (pakon)
d. ukara pangajak
e. ukara panjaluk (panedha)
f. ukara pangajeng ajeng (pangarep arep)
g. ukara prajanji
h. ukara upami (umpama)
Déné tuladanipun supados damel piyambak.

III. Ukara Miturut Kawontenanipun Jejer Wasésa lan Lésan.

Ukara Kapérang:

a. Ukara tanduk (kalimat aktif). Tetengeripun ukara tanduk menawi wasésanipun angsal ater ater anuswara lan jejeripun nindakaké wasésa. - Simin mangan - Ali nggambar.
b. Ukara tanggap (kalimat pasif).
Tetengeripun ukara tanggap wasésanipun angsal ater ater:
“dak”, “ko”, “di”, “ko”, lan seselan “in”.
Déné jejeripun nandang wasésanipun.
- Sapiné wis diedol - Dhuwité arep dakjaluk.
c. Ukara nominal.
Ukara nominal inggih punika ukara ingkang wasésanipun sanès tembung kriya, nanging tembung: aran, wilangan, kaanan. - Gunung iku dhuwur - Pitikku putih mulus - klambiku nem iji, lan sapanunggilanipun.

Warni warnining Ukara. I. Miturut Pandapukipun, Ukara, wonten:

B. Warni warnining Ukara. I. Miturut Pandapukipun, Ukara, wonten: 
1. Ukara genep (ukara lamba). 2. Ukara boten genep (ukara gothang). 3. Ukara rangkep (ukara majemuk).
1. Ukara ganep sakedhikipun kedah wonten jejer lan wasésanipun,
sok ugi wonten katranganipun.
Tuladha:
- Saidi mlaku - Bocah nakal kaé dolan mrénê.
2. Ukara boten ganep (ukara gothang) kapérang:
a. gothang jejeripun. - rénéya sedhéla baé ! - Tukokna rokok ! b. gothang wasésanipun: - Sajaké Simin ! - Dudu Adiku ! c. gothang jejer lan wasésanipun: - Kala wingi ! - isih loro ! - Ora ! 3. Ukara rangkep inggih punika ukara ingkang panjang kadadosan saking kalih ukara lamba utawi langkung. Ukara rangkep kapérang malih: a. Ukara rangkep sadrajad Tuladha: - Aku nulis, adiku maca buku, simbok olah olah,
- Wong iku gemi, mulané dadi sugih.
- Sepisan dhèwèké sregep, ping pindhoné pancèn pinter. b. Ukara rangkep raketan. Tuladha: - Simbok menyang pasar, déné aku kon tunggu warung. - Siman mbèlèh pitik, adiné mbubuti, simbok kang ngolah. - Dhèk wingi pité isih ditunggangi, dhèk mau wis dicolong uwong.
c. Ukara rangkep tundha.
Wonten ing salebeting ukara tundha wonten baboning ukara, inggih punika ukara ingkang dados undheraning gineman lan wonten gatranipun (anak kalimat).
Gatra wonten pinten – pinten warni:
a. gatra jejer:
ukara ukara ingkang dados gegentosing jejer,
Guruku .. .. , ndukani aku (ukara lamba). Wong kang mulang | aku | ndukani aku | 1 2 3 1. gatra jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang
b. gatra wasésa:
ukara ingkang dados gegentosing wasésa.
Panjaluké .. .. , dituruti (ukara lamba). Panjaluké | aku sregep sinau | 1 2 1. jejer, | 2. gatra wasésa |
c. gatra lésan:
ukara ingkang dados gegentosing lésan. Aku ngleksanani panjaluké (ukara lamba). Aku ngleksanani | apa | kang dikarepaké | 1 2 3 1. jejer, 2. wasésa, 3. gatra lésan
d. gatra katrangan:
ukara ingkang dados gegentosing katrangan. Simin arep mulih sésuk (ukara lamba). Simin arep mulih | menawa aku | wis bali saka Sala 1 2 3 1. jejer, 2. wasésa, 3. gatra katrangan
Caranipun Ngudhal:
Simin arep mulih, menawa aku wis bali saka Sala.
Simin = jejer
arep mulih = wasésa
arep = katrangan mangsa
menawa aku bali saka Sala = gatra katrangan
menawa = katrangan sarat
aku = jejer gatra katrangan
wis = katrangan wektu (wekdal) gatra katrangan
bali = wasésa
saka Sala = katrangan panggènan gatra katrangan.