Sabtu, 12 Maret 2011

Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå. Bathårå Guru lêlênggahan kaliyan garwå Bathari Umå.

= 05 / 05 =


8. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå. Bathårå Guru lêlênggahan
kaliyan garwå Bathari Umå.

Rêraósan manawi ing sapunikå bumi pulo Jawi sampún råtå bótên
gonjíng.
Sartå karsanipún Hyang kang Måhå Kawåså, pårå Déwå lan
gólónganipún sami bótên kéngíng ing pêjah.
Bathara Guru lajêng nyiptå Déwa pitu ingkang ngrêkså lan nyanggå
bumi,
1. Dèwi Pratiwi, ngrêksa bumi sap kapisan.
2. Bathårå Kusikå, ngrêkså bumi sap kapíng kalíh.
3. Bathårå Ganggang, ngrêkså bumi sap kaping tigå.
4. Bathårå Sindhulå, ngrêksa bumi sap kapíng sêkawan.
5. Bathårå Dharampalan, ngrêkså bumi sap kapíng gangsal.
6. Bathårå Manikêm, ngrêkså bumi sap kapíng nêm, lan
7. Bathårå Antabogå, ngrêksa bumi sap kapíng pitu, sagêd malíh warni
någå agêng mawi swiwi.
Sasampunipun punikå, Bathara Guru lajêng mranåtå Déwå cacah
sangå, minångkå kanggé paugêraníng manungså, inggíh punikå.
1. Bathårå Mahadéwå, garwanipún nama Bathari Mahadèwi,
nguwaósi jagad wétan, pêkênanipún Lêgi, kithanipún salåkå,
sagantênipún santên, pêksinipún kúntúl, aksaranipún hå nå cå rå kå.
2. Bathårå Sambo, garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå,
nguwaósi jagad kidúl, pêkênanipún Paing, kithanipún têmbagi,
sagantênipún rah, pêksinipún wulúng, aksaranipún då tå så wå lå.
3. Bathårå Kåmåjåyå, garwanipún nåmå Bathari Ratíh,
nguwaósi jagad kidúl, pêkênanipún Pón, kithanipún mas,
sagantênipún madu, pêksinipún kêpodhang, aksaranipún på dhå jå
yå nyå.
4. Bathårå Wisnu, garwanipún nåmå Bathari Sri,
nguwaósi jagad lèr, kithanipún tósan, sagantênipin nilå, pêkênanipún
Wagé, pêksinipún gagak, aksaranipún må gå bå thå ngå.
5. Bathårå Bayu, garwanipún nåmå Bathari Sumi,
nguwaósi jagad têngah, pêkênanipún Kliwón, kithanipún prunggu,
sagantênipún wédang, pêksinipún gogík, aksaranipún ångkå wicalan
sadåså, 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0.
6. Bathårå Pritånjålå,
nguwaósi jagad lèr wétan, aksaranipún Byå-byå.
7. Bathårå Kuwóra,
nguwaósi jagad lèr kilèn, aksaranipún Nåråsunyå.
8. Bathårå Siwah,
nguwaósi jagad kidúl kilèn, aksaranipún Nirwitri, lan
9. Bathårå Mahayêkti,
nguwaósi jagad kidúl wétan, aksaranipún Ganyå.
Sadåyå punika lajêng dipún wastani Sastrå Undhagi, Sastrå
Wrêkså, inggíh nama Sastrå Kalang, kanggé paugêran damêl wísmå,
lan wêwatón sanès - sanèsipún, amríh kalís ing pitunå lan
sambékålå.
Bótên watawís dangu katungkå sowanipún Bathårå Patúk lan
Bathara Tamburu, atúr uningå, wóntên dênåwå ngamúk ngrisaki
kawóntênan, margi sami bótên narimahakên tugêlíng jangganipun
Dityå Kålå Rau.
Pårå Déwå kadhawuhan nyirnakakên pårå dênåwå ingkang sami
damêl rêsah.
Pårå Déwa sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
Wóntên ing pabaratan, pêrangipún pårå Déwa lan pårå dênåwå
ingkang dipún dombani Bathårå Antågå.
Wêkasan pårå dênåwå sami kasór sírnå larút.
Bathårå Bayu tayungan, lajêng sami wangsúl dhatêng Kahyangan.
9. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru dipún adhêp
pårå Déwå pêpak. Sadåyå sami sukå - sukå langên lénggót båwå,
déné jagad ginêlar sampún kalís ing sambékålå.
Tancêb Kayón.
sastra_wreksa
Sastra Wreksa

. Kocap Bathårå Guru, ing sabidhalipun pårå Déwå, lajêng ugi bidhal

= 04 / 05 =
6. Kocap Bathårå Guru, ing sabidhalipun pårå Déwå, lajêng ugi bidhal
nusúl anjampangi panyambút damêlipún pårå Déwå.
Sumêrêp pårå Déwå sami pêjah ngunjúk toyå wiså.
Rèhné botên mangêrtós sababipún, sartå ing wêkdal punikå ugi sangêt
ing ngóróngipún, nuntên agahan ngunjúk toyå sêndhang wiså.
Nangíng sawêg dumugi ing jånggå, kraós sakít, lajêng dipún utahakên,
jangganipún kalajêng biru gósóng, milå lajêng pêparab sang Hyang
Nilåkånthå, têgêsipún jangganipun biru gósóng.
Ingriku wóntên swantên tanpå rupi, Bathara Guru kadhawuhan lajêng
minggah malíh dhatêng rêdi Mandårå.
Ingriku wóntên sêndhang isi toyå panggêsangan.
Pårå Déwa ingkang sami pêjah, kapuríh nêtêsi toyaníng sêndhang isi
toyå panggêsangan wau.
Bathårå Guru nuntên minggah ing rêdi Mandårå (Rêdi Mandårå
punika ingkang kanggé mutêr samodrå susu, ngêdalakên Toyå Wiså,
lan Toyå Amrêtå, Toyå panggêsangan) mêndhêt toyå panggêsangan
kawadhahan ing sangku, lajêng murugi panggènanipún pårå Déwå
ingkang sami pralåyå.
Sadåyå sami dipún tètèsi toyå panggêsangan, sadåyå sami gêsang.
Pårå Déwå lajêng sami ngunjúk toyå panggêsangan wau.
Awít sakíng karsanipún Hyang Kang Måhå Kawåså, pårå Déwå lan
gólónganipún sami bótên kéngíng ing pêjah ing salami-laminipún,
sanadyan sagêd kéngíng ing sakít sawatawis.
7. Lampahipún Bathårå Wisnu sakaliyan Bathårå Cåndrå inggíh pêparab
Bathårå Badråmåyå, lan pårå Déwå sadåyå.
Sasampunipún ngunjúk toyå panggêsangan, lajêng sami tumandang
damêl.
Kocap ing jagad Antarikså, wóntên titahíng Hyang Måhå Kawåså,
nama Dityå Kålå Rau, inggíh Dityå Kålå Rêmbuculúng, sumêrêp pårå
Déwå sami ngunjúk toyå panggêsangan, lajêng niyúb mangandhap,
mêndhêt cupu wadhah toyå panggêsangan kabêktå minggah ing akåså,
cupu têrús kauntal.
Konangan déníng Bathårå Cåndrå, (Sagêd nganggé wayang Kyai
Sêmar, utawi Déwå srambahan sanèsipún.
Têmbúng Cåndrå têgêsipún rêmbulan. Déné Bådråmåyå têgêsipún,
rêmbulan ingkang cahyanipún måyå - måyå). lapúr dhatêng Bathara
Wisnu, ingkang trangginas énggal namakakên sanjåtå cakra daksånå,
kéngíng jangganipún Ditya Kålå Rau (Têmbúng Rau asal sakíng båså
Mêsír Kinå, têgêsipún Suryå. Ing båså Hindhu lan Jawi kina lajêng
dadós Rawi, Radityå, lan sasaminipún.) tatas tugêl sirahipun,
gêmbúng gumlúndhúng dhawah ing bantålå.
Kacariyós lajêng dadós lêsúng kanggê nutu pantún.
Déné sirah sampún kasrambah ing toyå Amrêtå, sagêd gêsang ing
salami-laminipún, sangêt ing muríng-muríngipun dhatêng Bathårå
Cåndrå, mila lajêng tansah dipún ubêr-ubêr, manawi kacandhak,
lajêng dipún caplók dipún untal malang.
Inggíh punika purwanipun wóntên grahånå rêmbulan, lajêng tiyang
tani sami kothèkan nabuhi lêsúng, pamrihipún badanipun Dityå Kålå
Rau lajêng kraós sakit, sirahipún mumêt, rêmbulan lajêng dipún
utahakên.
Wóntên ing pakêliran, punika dadós prang sêkar, Bathara Wisnu
prang mêngsah Ditya Kala Rêmbuculúng, ingkang dipún dombani
pårå dityå titisanipún Bathårå Antågå inggih Hyang Kålå Rudrå.
Ing salajêngipún kusumanggakakên sanggiting pakêliranipún lan

gêndhing - gêndhingipún.
ditya_rembu
Ditya Rembuculung
.

Ing Rêpat kapanasan, pasébanipún pårå Déwå sadåyå sami ngrêmbag prayoginíng lampah.

= 03 / 05 =

3. Ing Rêpat kapanasan, pasébanipún pårå Déwå sadåyå sami ngrêmbag
prayoginíng lampah.
Sasampunipun samaptå sadåyå, lajêng bidhal gugúr gunúng ngråtå
bumi pulo Jawi.
Prang Ampyak, Prampógan Déwå ngicali mégå mêndhúng pêpêdhút
ingkang ngalang alangi margi.
Punikå ing pakêliran lajêng dadós Jêjêr Kapisan, gapuran, kadhatónan,
paséban-jawi, kapalan, lan prang ampyak.
4. Madêg ing Kahyangan Sonyaruri.
Bathara Ismåyå sakaliyan garwå Dèwi Sênggani.
Nalikå punika Bathårå Ismåyå kaliyan garwå Dèwi Sênggani sampún
kagungan putra sêdåså cacahipún,
1. Bathårå Wungku’am inggíh Bathårå Bóngkókan.
2. Bathårå Wréhaspati,
3. Bathårå Yåmådipati,
4. Bathårå Súryå,
5. Bathårå Cåndrå,
6. Bathårå Kuwérå,
7. Bathårå Patút, inggíh Bathårå Patúk utawi Patúh,
8. Bathårå Tamburu,
9. Bathårå Kåmåjåyå, lan
10. Dèwi Sarmanasiti inggih Dèwi Darmanastiti.
Bathårå Ismåyå dhawúh dhatêng pårå putrå, kapuríh tumút ambantu
pårå Déwå, gugúr gunúng andhungkari rêdi Jamúrdipå kawaradinakên
bumi pulo Jawi.
Pårå putrå sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
5. Kocap wóntên titahíng Hyang Kang Måhå Kawåså, nåmå Bathårå
Cålåkuthå ing Kahyangan Wisåbawånå.
Nuju lênggah wóntên ing kadhatónipún, dipún adhêp wadyåbalanipún
bangsaning upas wiså mandi, Kålå Katónggèng, Kålå Jêngkíng, Kålå
Abang lan sapanunggalanipún.
Bathårå Calakuthå midhangêt wartå, manawi pårå Déwå sami gugúr
gunúng andhungkari rêdi Jamúrdipå, nrajang ngrisak kadhatónipún.
Mila sangêt ing dukanipún, lajêng bidhal nêdyå ngalàng-alangi
tumindakipún pårå Déwa, kêbút sawådyå balanipún.
Wóntên ing margi lampahipún kapapag kaliyan pårå Déwå.
Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå.
Wadyanipún Bathårå Cålåkuthå sami kasóran, lajêng ngoncati.
Pårå Déwå sami ngoyak palajêngipún Bathårå Cålåkuthå.
Prang gagal.
Palajêngipún Bathårå Cålåkuthå dumugi èrèng - èrèngíng rêdi
Jamúrdipå, lajêng nyiptå sêndhang ingkang toyanipún sangêt wêníng
nangíng måwå wiså mandi.
Pårå Déwa anggènipún ngoyak dumugi laladan ngriku, sami sangêt
ngóróngipún.
Sumêrêp sêndhang ingkang toyanipún sangêt wêníng wóntên
sangandhaping rêdi Mandårå, lajêng sami agahan ngunjuk sakatógipún, têmah pårå Déwå sami pêjah sadåyå.
bathara_patuk
Bathara Patuk

Ladrang Srikatón. Madêg Bathårå Maník inggíh Bathårå Guru

= 02 / 05 =


2. Ladrang Srikatón. Madêg Bathårå Maník inggíh Bathårå Guru,
lajêng nyiptå kadhatón minångkå Kahyanganipún, dipún
wastani Kahyangan Junggríng Salåkå inggíh Kahyangan Ujúng
Giri Kailåså.
Nuntên mundhút garwå minångkå saktinipún, putrinipún
Bathårå Umaran ing nagari Parasu, nåmå Dwi Umå.
Ing salajêngipún Bathårå Guru kaliyan garwå Dèwi
Umå pêputrå gangsal kakúng sadåyå,
1. Bathårå Sambo,
2. Bathårå Bråmå,
3. Bathårå Indrå,
4. Bathårå Bayu, lan
5. Bathårå Wisnu.
Nalika punikå Bathara Guru Sakaliyan garwå nuju miyós
siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan para Déwå
(Têmbúng Déwå asal sakíng basa Sanskrita Jawi-kina - Dew,
têgêsipún Cahyå.)
Nalikå punika pårå putrå dipún cariyósakên sampún kagungan
kahyangan lan garwå piyambak - piyambak.
1. Bathårå Sambo ing Kahyangan Hargådaksinå,
Swargådaksinå inggíh Kahyangan Swélågringgíng,
garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå lan Dèwi Astuti.
2. Bathårå Bråmå ing Kahyangan Hargådahånå (Swargådahånå),
garwanipún tigå, Dèwi Sad (Wasi), Dèwi Saraswati, lan
Dèwi Rarasati.
3. Bathårå Indrå ing Kahyangan Surålåyå inggíh
Kahyangan Indralokå, garwanipún nåmå Dèwi Wiyati,
Bathårå Indrå kawajiban mranåtå pårå Déwå, lajêng nyíptå
pagêlaran, nåmå Rêpat Kapanasan, Kadhatón Kênyapuri
Tinjomåyå, titihan Dwipånggå nåmå Héråwåta inggíh
Héråwånå,
4. Bathårå Bayu, minångkå déwaníng angín lan kêkiyatan ótót
bayu, ing Kahyangan Pusêrbawånå inggíh Kahyangan Swargå
Panglawúng, garwanipún nåmå Dèwi Sumi.
5. Bathårå Wisnu ing Kahyangan Uttåråsagårå inggíh
Uttaraswargå, Déwå ingkang mêmayu hayuníng bawånå,
garwanipún tigå, Dèwi Sri, Dèwi Pratiwi lan Dèwi
Sriyuwati inggih Dèwi Pujåyanti, patamananipún nåmå
Sriwêdari, titihanipún pêksi garudhå, nama Brihawan.
Nalikå punikå Bathara Guru sakaliyan garwå nuju lênggah
siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan pårå Déwå, Bathårå Guru
ngandikå, manawi ing wêkdal punika bumi pulo Jawi taksíh gonjing anjómplang, margi ing sisíh kilèn wóntên rêdinipun agêng inggíl, nåmå rêdi Jamúrdipå.
Bathårå Guru dhawúh supadós rêdi Jamúrdipa dipún dhungkari dipún gêmpali, kausúng kawaradinakên mangétan.
Sadåyå sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
bathara_sambo
Bathara Sambo

Lampahan Manik Maya Jagad Ginelar

Lampahan Manik Maya Jagad Ginelar  
= 01 / 05 =

Pakêm kinå kalarasakên kaliyan kawóntênan sapunikå

1. Anggêdhóg kothak kapíng gangsal, gångså mungêl Ayak-
ayakan, kalajêngakên gêndhíng Kawít, minggah ladrang Kawít,
laras Sléndro pathêt Manyurå.
Sasampunipun Kayón (Gunungan) kabêdhól,
kagêtêrakên lêmbat, kalóród mangandhap, mandhêg kapíng tigå,
têrús amblês mangandhap ing palêmahan kêlír.
Kayón lajêng kalampahakên alón gêtêr mangiwå-manêngên
wongsal -    wangsúl.
Nuntên tancêb jêjêg ing dêbóg nginggíl.
Gêndhíng kasirêp (mungêl liríh), lajêng kacaritakakên kajantúr:
Nalikå awang awang - uwúng uwúng, dèrèng wóntên punåpå
punåpå, Hyang Måhå Kawåså manggèn
wóntên satêngahíng kawóntênan, nyíptå dumadósíng pasthi.
Wóntên swantên ambêngúng ngêbêgi jagad kadós swantêníng
gênthå kêkêlêng.
Ingriku wóntên cahyå pacihang gumêbyar mungsêr bundêr
kadós antigå (tigan) gumandhúl tanpå canthèlan.
Énggal dipún astå déníng Hyang Måhå Kawåså, dipún pujå :
1. Cangkókipún, dadós bumi lan langít,
2. Pêthakipún, dadós cahyå lan téjå,
3. Jênnipún, dadós maník lan måyå.
Sasampunipun jagad gumêlar, cahyå, téjå, maník lan måyå,
ingkang nalika punika dèrèng kasumêrêpan, pundi
ingkang rumiyín lan pundi ingkang kantún.
Sadåyå lajêng kapujå dadós rupi manungså, kadós Bambangan
bagús.
Gångså wudhar, mantún sirêpan.
Gunungan kabêdhól, tancêp ing simpingan
sisih têngênipún Dhalang.
Bambangan bagús sêkawan kawêdalakên, madhêp manêngên,
tancêp ing dêbóg ngandhap sisih kiwå, tangan  ngapurancang.
Gêndhing Kawít minggah ladrang Kawít, lajêng suwúk, dipún
suluki pathêt Nêm jangkêp, lajêng pangandikan.
Swantên tanpa rupi : 

Sirå kabèh, cahyå, téjå, maník lan måyå. Wús Ingsún pujå rupå
manungså.
Cahyå, sira aran Bathårå Nurrådå (Narådå), Téjå aran Bathårå
Téjå iya Bathårå Antågå, Maník aran Bathårå Maník iyå Bathara
Guru, déné Måyå aran Bathårå Måyå iyå Bathårå Ismåyå.
Ingsún iki kang Måhå Kawåså, sira kabèh Ingsún kawasakaké
gawé lêlakón ånå sajroníng jagad gumêlar iki.
1. Bathårå Maník, Ingsún kawasakaké mranåtå jagad Trilokå,
jagadíng pårå Déwå, jagadíng pårå lêlêmbút, lan jagadíng
pårå manungså.
2. Bathårå Nurrådå Ingsún kawasakaké ngêmbani mranåtå karo       
Bathårå Maník.
3. Bathårå Ismåyå Ingsún kawasakaké mómóng pårå manungså
kang laku bêcík.
4. Déné sirå Bathårå Antågå, Ingsún kawasakaké nyoba
antêbíng tékadé pårå titah.


Bathårå sêkawan nyêmbah matúr sandikå, lajêng bidhal ningali kawóntênaníng jagad gumêlar.
Bathårå Antågå ing bénjíng turasipún dadós Kyai Tógóg, Pugúh, Antågå inggíh Kyai Téjåmantri.
Déné Bathårå Ismåyå ing bénjíng asríng manitís dhatêng turasipún ingkang nama Kyai Badråmåyå inggíh Kyai Sêmar.
bathara_Guru
Bathara Guru

Unggah Ungguhing Basa A. Katrangan

Bab V - Unggah Ungguhing Basa A. Katrangan:
Basa Jawi punika pepak sanget, ngantos tiyang manca manawi badhé nyinau basa Jawi asring rumaos kewalahan, amargi saking kathahing sinonim tembung Jawi, caranipun ngetrapaken basa antawisipun tiyang ingkang bènten umur umuranipun utawi derajatipun lan malih pancèn wonten tembung tembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten
utawi boten matis.
Upaminipun tembung mangan: sinonimipun (dasanamanipun):
maem, dahar, madhang, malah taksih kathah panganggènipun ing basa kasar.
Antawisipun laré kaliyan nèm nèman sampun boten cak - cakanipun, semanten ugi antawisipun nèm nèman kaliyan tiyang sepuh lan sapanunggilanipun.
Lan malih asring wonten tembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten (dèrèng dipun sumerepi) upaminipun tembung: kadingarèn, upil, karipan, maido, lan sapanunggilanipun.
Manawi dipun tingali saking pandapuking tembung, kathah sanget éwah éwahipun, margi saking pepaking ater ater (awalan), seselan sarta panambang (akhiran) punika badhé katerangaken ing wingking.
Déné unggah ungguhing basa inggih punika caranipun ngetrapaken basa dhumateng tiyang ingkang dipun ajak gineman.

B. Unggah ungguhing Basa.
1. Basa Ngoko.
Basa ngoko, kapérang:
a. Ngoko Lugu,
wujudipun tembung tembungipun ngoko sadaya.
dipun ginakaken.
1. Dhateng sesami ingkang sampun kulina.
2. Dhateng kapernah nèm (anak, putu, murid, sémah).
3. Manawi pinuju ngunandika.
4. Wonten ing buku buku karangan (wucalan).

b. Ngoko Andhap Antya Basa,
wujudipun: ngoko, krama inggil.
dipun ginakaken:
1. Dhateng tiyang ingkang langkung enèm nanging langkung inggil derajatipun.
2. Priyantun kaliyan priyantun ingkang kulina ngoko.
Tuladha:
- Apa sliramu mengko sida tindak pasar mundhut bakal klambi? c. Ngoko Andhap Basa Antya,
wujudipun: Ngoko, krama inggil dipun selingi krama.
dipun ginakaken: antya - basa.
Tuladha:
- Coba panjenengan pirsani, bapak ora saéstu tindak, la kaé lagi maos buku. 2. Basa Madya:
Basa madya dipun ginakaken tiyang tiyang ingkang boten nggatosaken basa ingkang saé, racakipun tiyang padhusunan utawi paredèn lan tiyang pekenan.
Tuladha Basa Madya:
- nika, niku, ajeng, teng, nèk, saweg, napa, pripun, samang dika, lsp.
Basa Madya Kapérang:
a. Madya Ngoko,
wujudipun ngoko, madya.
Tuladha:
- Nèk dika ajeng tuku akèh mengké kula wèhké rada murah. b. Madya - Krama,
wujudipun: Madya kaliyan krama.
Tuladha:
- Dos pundi ta samang nika, sinjang saéné kados ngaten kok diwastani awon. c. Madya Antara,
wujudipun: Madya krama, krama inggil.
dipun ginakaken:
1. Priyantun dhateng tiyang kapernah sepuh nanging mimpang drajad.
2. Garwa priyantun.
3. Priyantun kaliyan priyantun ingkang sampun kulina.
Tuladha:
- Napa panjenengan ajeng ngersakaken mirsani bioskop, nèk kersa ngga kula dèrèkaken. 3. Basa Krama,
Basa Krama kapérang:
a. Kramantara,
wujudipun krama thok krama lagu.
dipun ginakaken:
1. Kanca kanca ingkang déréng kulina.
2. Wonten buku buku karangan (wucalan).
Tuladha:
- Nuju satunggiling dinten pun Kancil saweg mlampah mlampah wonten sapinggiring lèpèn, lsp. b. Muda Krama,
wujudipun: Krama lan krama inggil.
Basa Muda krama basa ingkang saé lan alus piyambak.
Ingkang ngginakaken:
1. Tiyang nèm dhateng tiyang sepuh.
2. Murid dhateng gurunipun.
3. Priyantun kaliyan priyantun.
Tuladha:
- Kula dipun dhawuhi bapak guru, supados matur kaliyan bapak, manawi bapak guru bénjing dinten Minggu badhé tindak dhateng dalemipun bapak. c. Krama Inggil,
wujudipun: Muda krama, namung tembung: mu- dalem, aku - abdi dalem, kowé - panjenengan dalem. dipun ginakaken tumrap para luhur / ratu.
Tuladha:
- Abdi dalem boten saged sowan ngarsa dalem, amargi anakipun dalem saweg sakit. d. Wreda krama,
wujudipun: krama nanging ater ater lan panambang boten dipun kramakaken.
Tuladha:
- Manawi diparengaké griyané ingkang kilèn punika kula enggènané. "di", "é", "aké" boten dipun kramakaken.
e. Krama désa,
Krama désa punika basanipun mesthinipun boten wonten kramanipun kapeksa dipun kramakaken, wonten malih mesthinipun sampun dipun kramakaken margi saking kirang maremipun lajeng dipun kramakaken malih.
Tuladha:
- jaran, kramanipun kapal dados kepel. - dhuwit, kramanipun arta dados yatra - tuwa, kramanipun sepuh dados sepah - belo, kramanipun dados belet - dhelé, kramanipun dados dhekeman - Boyolali, kramanipun dados Bajulkesupèn 4. Basa Kedhaton,
Basa kedhaton dipun ginakaken para abdi dalem kraton manawi pinuju gineman kaliyan ratu.
Tuladha:
- manira = aku
- pakènira = kowé
- enggah = inggih
- darbé = duwé
- boya = ora
- besaos = bae
5. Basa Kasar,
Basa kasar dipun anggé tiyang urakan, tiyang paben, tiyang saweg nepsu, lsp.
Pokokipun boten sekéca manawi dipun mirengaken.
mila ing ngriki boten perlu dipun rembag.

Cathetan:
Andharan ing nginggil punika prasasat kantun dados téori, kirang praktis.
Mila limrahipun kaum guru namung mlètèr murid murid mawi basa krama ingkang mèh mesthi kanggénipun: Muda krama.

Panyeratipun Basa Jawi Mawi Aksara Latin

Bab IV - Panyeratipun Basa Jawi Mawi Aksara Latin
A. Panganggènipun Aksara Ageng:
1. Kanggé nyerat irah - irahan (bab).
2. Aksara ing wiwitaning ukara.
3. Kanggé nyerat nama mandiri.
Upami:
Musi, Paimin, Ciamis. pasopati, lan sapanunggilipun.
4. Cekakan, upami: ABRI.
5. Ingkang kaanggep wigatos: Ingkang Maha Wikan. ....... badhé leladi dumateng Nusa, Bangsa, lan Agama.
B. Ingkang Adaan Sanget Panyeratipun:
1. Ponorogo leresipun: Panaraga sopunika leresipun: sapunika Bongsa leresipun: bangsa 2. Sepélé, mréné, gègèr, kètèl, kabèh Swanten "é" lan ‘è" kedah kaserat mawi "e" lan pratandha layar nginggilipun.
3. Kuthuk, dhuwur, kathok, kodhok Aksara t kaserat dados "th"
Aksara d kaserat dados "dh"
4. kluwak, luwak, kuwat, kowat Swanten "u" utawi "o" kasusul ing swanten "a" kedah mawi aksara manda. 5. sekalian, kadang kadéyan, liyané, sampéyan Pindahipun swanten "i" utawi "é" dhateng swanten "a" mawi aksara manda swara "y".

Panyilahing Tembung (Jinising Tembung)

Bab III - Panyilahing Tembung (Jinising Tembung) 
A. Jinising tembung kalarasaken kaliyan basa manca.
1. Tembung Kriya (Verb);
sadaya tembung ingkang nerangaken tumindak padamelan:
nulis, mucal, nyawang, lan sapanunggilanipun.
2. Tembung Aran (Substantive);
sadaya tembung ingkang mastani namaning barang ing maujud utawi ingkang dipun anggep maujud (abstrak):
buku, kursi, angin, sétan, kapinteran, ngèlmu, lan sapanunggilipun.
3. Tembung Kawontenan (kaanan = ajective);
sadaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun barang: gedhê, dawa, ireng, kumaki, merdika, lan sapanunggilipun.4. Tembung Katrangan (Adverb);
sadaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun kriya:
mesthi, mau, banget, mbokmenawa
, lan sapanunggilipun.
5. Tembung Sesulih (pronoun):
sadaya tembung ingkang dados sesulihipun barang maujud utawi ingkang kaanggep maujud: punika kapérang dados 5 golongan:
a. Tembung Purusa (tiyang): aku, kowé, dhèwèké, anu, banget, mbokmenawa, lan sapanunggilipun.
b. Tembung Darbé: ku, mu, e, c. Tembung Pitedhah (pitudhuh): iku, kaé, kuwi, punika. d. Tembung Pitakèn: sapa, apa, endi, ngendi, kepriyé, lan sapanunggilipun.
e. Tembung Panggandhèg: kang, sing, ding.6. Tembung Wicalan (wilangan : cacah) = numeral :
- siji, loro, sapisan, saméne, sawatara, lan sapanunggilipun.
7. Tembung Panggandhèng (conjunction):
Tembung ingkang kanggé nggandhèng ukara utawi tembung: lan, sarta, tur, kathik, mulané, sarèhné, lan sapanunggilipun.8. Tembung Panggenah (artikel): sing, sang, ponang, lan sapanunggilipun.
9. Tembung dunung (preposition):
Tembung ingkang nedahaken enggon/enering barang: ing, ngarep, mburi, menyang, déning, lan sapanunggilipun.10. Tembung Panguwuh (interjection) = panyuru:
Tembung ingkang mratélakaken panguwuh / sesambat: lo, wah, wo, adhuh, toblas, lan sapanunggilipun.
A. Tulada Ngudhal Ukara Miturut jinising Tembung.
Manawi bab ingkang kapengker ngudhal ukara miturut kalenggahaning / pangkating tembung, inggih punika madosi jejer, wasésa, lésan lan warni warnining katrangan, ing bab punika ngudhal jinising tembung inggih punika madosi tembung tembung ingkang kadadosaken saking tembung kriya, tembung aran, sesulih, wilangan lan sapanunggilipun.
Terkadhang wonten malih supados ngudhal tembung, inggih punika tembung wau dipun padosi lingganipun, ater ater, panambang, lajeng kalebet rimbag punapa.
Tuladha ukara.
- Mau ésuk aku ketekanan tamu saka Sragèn.
Miturut lenggahing tembung:
aku = jejer
katekanan = wasésa
tamu = lésan kang tumindak
mau ésuk = katrangan mangsa
saka Sragèn = katrangan panggonan

Miturut Jinising Tembung:
mau ésuk = tembung katrangan wayah
aku = sesulih
katekanan = kriya
tamu = tembung aran
saka = tembung dunung
Sragèn = tembung aran.

Miturut Pandapuking Tembung:
mau ésuk = tembung jamboran
aku = lingga
katekanan = lingganipun teka angsal ater ater ke
lan panambang an, kalebet tanggap ka
i-kriya.
tamu, saka, Sragèn = tembung lingga.

Tuladha malih :
- Bocah cilik, adiné Mariyem iku, nukokaké jeruk adiku.Miturut jinising tembung:
bocah = tembung aran
cilik = tembung kaanan
adiné = tembung aran
Mariyem = tembung aran
iku = tembung sesulih
nukokaké = tembung kriya mawa lésan
adiku = tembung aran.

Miturut Lenggahing Tembung;
bocah cilik = jejer
adiné Mariyem iku = katrangan jejer
nukokaké = wasésa
jeruk = lésan kang nandang
adiku = lésan kang pinurih.

Miturut Pandapuking Tembung:
bocah cilik = tembung jamboran
adiné Mariyem = tembung jamboran
iku = lingga
nukokaké = n + tuku + aké + tanduk ké kriya
jeruk = tembung lingga
adiku = tembung andhahan: adi + ku
adiné = tembung andhahan: adi + é.

Ukara Miturut Suraosipun.

II. Ukara Miturut Suraosipun.
Miturut suraosipun ukara kapérang:
a. ukara carios (carita)
b. ukara pitakèn
c. ukara pakèn (pakon)
d. ukara pangajak
e. ukara panjaluk (panedha)
f. ukara pangajeng ajeng (pangarep arep)
g. ukara prajanji
h. ukara upami (umpama)
Déné tuladanipun supados damel piyambak.

III. Ukara Miturut Kawontenanipun Jejer Wasésa lan Lésan.

Ukara Kapérang:

a. Ukara tanduk (kalimat aktif). Tetengeripun ukara tanduk menawi wasésanipun angsal ater ater anuswara lan jejeripun nindakaké wasésa. - Simin mangan - Ali nggambar.
b. Ukara tanggap (kalimat pasif).
Tetengeripun ukara tanggap wasésanipun angsal ater ater:
“dak”, “ko”, “di”, “ko”, lan seselan “in”.
Déné jejeripun nandang wasésanipun.
- Sapiné wis diedol - Dhuwité arep dakjaluk.
c. Ukara nominal.
Ukara nominal inggih punika ukara ingkang wasésanipun sanès tembung kriya, nanging tembung: aran, wilangan, kaanan. - Gunung iku dhuwur - Pitikku putih mulus - klambiku nem iji, lan sapanunggilanipun.

Warni warnining Ukara. I. Miturut Pandapukipun, Ukara, wonten:

B. Warni warnining Ukara. I. Miturut Pandapukipun, Ukara, wonten: 
1. Ukara genep (ukara lamba). 2. Ukara boten genep (ukara gothang). 3. Ukara rangkep (ukara majemuk).
1. Ukara ganep sakedhikipun kedah wonten jejer lan wasésanipun,
sok ugi wonten katranganipun.
Tuladha:
- Saidi mlaku - Bocah nakal kaé dolan mrénê.
2. Ukara boten ganep (ukara gothang) kapérang:
a. gothang jejeripun. - rénéya sedhéla baé ! - Tukokna rokok ! b. gothang wasésanipun: - Sajaké Simin ! - Dudu Adiku ! c. gothang jejer lan wasésanipun: - Kala wingi ! - isih loro ! - Ora ! 3. Ukara rangkep inggih punika ukara ingkang panjang kadadosan saking kalih ukara lamba utawi langkung. Ukara rangkep kapérang malih: a. Ukara rangkep sadrajad Tuladha: - Aku nulis, adiku maca buku, simbok olah olah,
- Wong iku gemi, mulané dadi sugih.
- Sepisan dhèwèké sregep, ping pindhoné pancèn pinter. b. Ukara rangkep raketan. Tuladha: - Simbok menyang pasar, déné aku kon tunggu warung. - Siman mbèlèh pitik, adiné mbubuti, simbok kang ngolah. - Dhèk wingi pité isih ditunggangi, dhèk mau wis dicolong uwong.
c. Ukara rangkep tundha.
Wonten ing salebeting ukara tundha wonten baboning ukara, inggih punika ukara ingkang dados undheraning gineman lan wonten gatranipun (anak kalimat).
Gatra wonten pinten – pinten warni:
a. gatra jejer:
ukara ukara ingkang dados gegentosing jejer,
Guruku .. .. , ndukani aku (ukara lamba). Wong kang mulang | aku | ndukani aku | 1 2 3 1. gatra jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang
b. gatra wasésa:
ukara ingkang dados gegentosing wasésa.
Panjaluké .. .. , dituruti (ukara lamba). Panjaluké | aku sregep sinau | 1 2 1. jejer, | 2. gatra wasésa |
c. gatra lésan:
ukara ingkang dados gegentosing lésan. Aku ngleksanani panjaluké (ukara lamba). Aku ngleksanani | apa | kang dikarepaké | 1 2 3 1. jejer, 2. wasésa, 3. gatra lésan
d. gatra katrangan:
ukara ingkang dados gegentosing katrangan. Simin arep mulih sésuk (ukara lamba). Simin arep mulih | menawa aku | wis bali saka Sala 1 2 3 1. jejer, 2. wasésa, 3. gatra katrangan
Caranipun Ngudhal:
Simin arep mulih, menawa aku wis bali saka Sala.
Simin = jejer
arep mulih = wasésa
arep = katrangan mangsa
menawa aku bali saka Sala = gatra katrangan
menawa = katrangan sarat
aku = jejer gatra katrangan
wis = katrangan wektu (wekdal) gatra katrangan
bali = wasésa
saka Sala = katrangan panggènan gatra katrangan.
Bab II - Ukara Lan Pangudhalipun.
Ingkang dipun wastani ukara inggih punika rerangkèning tembung sawatawis ingkang saged mujudaken / nglahiraken gagasanipun tiyang.A. Péranganipun ukara:Ukara kedadosan saking pérangan ingkang baken, jejer lan wasésa.Supados ukara kala wau saged sampurna tegesipun, asring ukara punika dipun wéwahi.
katrangan.
Warni warnining katrangan :a. Katrangan lésan kang nandang (pelengkap penderita).b. Katrangan lésan kang pinarih (pelengkap penyerta).c. Katrangan lésan kang tumindak (pelengkap pelaku).d. Katrangan mangsa: wis, lagi, arep, kapan, dhèk wingi.e. Katrangan panggènan: ing kono, ngomah, ing pasar.f. Katrangan kaanan (kawontenan): kanggé nerangaken
wasésanipun – banget, cetha, kepénak.
Tulada Ngudhal Ukara Miturut Kalinggihanipun (Kalungguhané). a. Kucing iku | mangan | tikus | 1 2 3
1. jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang
b.
Simbok | nukokaké | layangan | adiku |
1 2 3 4 1. jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang,
4. lésan kang tumindak

c. Aku | diwènèhi | dhuwit | mbakyu |
1 2 3 4 1. jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang nandang,
4. lésan kang tumindak

d. Suk embèn | bapak | arep | mundhutaké | klambi | aku |
1 2 3 4 5 6
menyang Sala |
7
1. katrangan mangsa, 2. jejer, 3. katrangan mangsa,
4. wasésa, 5. lésan kang nandang, 6. lésan kang pinurih,
7. katrangan panggonan

e. Gunung iku | dhuwur | banget |
1 2 3
1. jejer, 2. wasésa, 3. katrangan kahanan
f. Si Ali | mangané | ademenakaké |
1 2 3
1. jejer, 2. wasésa, 3. ktrangan wasésa

g. Omahé | bapak | arep | didol | suk embèn |
1 2 3 4 5
1. jejer, 2. katrangan jejer, 3. katrangan mangsa, 4. wasésa,
5. katrangan mangsa.
h. Sayak | abang kaé | reged | banget |
1 2 3 4
1. sayak, 2. katrangan jejer, 3. wasésa,
4. katrangan kahanan

Ater ater, panambang, seselan lan tegesipun.

.C. Ater ater, panambang, seselan lan tegesipun.
Wisésana inggih punika tembung tembung ingkang angsal panambang "an".

01. Entan éntan kados : gunungan, pasaran, kalèn.02. Pirantos kanggé : kukusan, garisan, ayakan.03. Angsal angsalipun : gorèngan, batikan, gawéyan.04. Mangsa : panèn, padusan, suntikan.05. Gampil : mutungan, kalahan, getasan.06. Sami déné nglampahi : salaman, biten guyon.07. Dolanan : jaranan, pasaran, tangisan.08. Nganggé : bebedan, sabukan, kelambèn.09. Nanggap : wayangan, réyogan.
Tegesipun Ater ater Anuswara:
01. Nyambut damel : jenu, macul, medhang.02. Nganggep : mbapa, ngadi, mbibi.03. Dados : mbatur, nyantrik, nyudagar, nuwani.04. Nuju dhateng : minggir, ngulon, munggah.05. Damel : nggulé, ngabon, nyambel.06. Nyukani : nyadhong, makani, nyandhangi, nyamaki.07. Kados : mbodoni, mbisu, ndésani, ngetumbar, mucuk eri.08. Saben tiyang nampi : niji, ngloro, matang liter.09. Nambahi : ndhuwuraké, ndawani, nggedhèni.10. Ngetrapaken : nglambèni, napèni, nyetuti.11. Saweg wancinipun : mbosoki, ngretegi.
Tegesipun Ater ater Sa:
01. Satunggal = sèket, sakebo, samèter.02. Sabarang = sakarepé, sawaregé, sasenengé.03. Nunggil = sabantal, saomah, sakamar.04. Kalih / karo = salapaké, sauwité.05. Sami kaliyan = sagunung, sapitik.06. Ngantos = sabubaré, saénaké.07. Saben = saasiné, sadinané.08. Angger = sakoberé, saénaké.
Tegesé Ater ater Pa / Pé:
01. Srana = pasumbang, pangudi.02. Tukang = pangendhang, padhang, pamomong.03. Ukuran mangsa = sapenginang.04. Ukuran panjang, tebih = panjangkah, pandulu, pabalang.05. Carané / patrapé = panulisé, panggambaré.06. Panggènan = pakuburan, panepèn, pagadéyan.07. Mangsa = panèn, padusan.08. Pirantos = pembesut, penyakit, penulak.09. Tiyang ingkang dipun = paukuman, panembahan.
Seselan lan Tegesipun:
Seselan namung 4 warni: "er", "el", "um", "in".
- crekot, saking tembung cekot tegesipun
pating/pijer.- trambal, saking tembung tambal, tegesipun pating/kathah.- dlèwèr, saking tembung dèwèr, tegesipun pating/pijer.- sliri, saking tembung siri, tegesipun pating.
Seselan "er" lan" "el" wonten ing salebeting tembung, racakipun lajeng dados satunggal kaliyan tembung wau, saéngga lingganipun tembung wau mboten saged cetha.
Déné ingkang saged cetha lingganipun menawi kaseselan "um" lan "in".
01. Tumandang lingganipun tandang tegesipun kriya.
02. Rumujak, lingganipun: rujak, tegesipun:
nedheng nedhengipun.03. Kumaki, lingganipun: kaki, tegesipun: anggepé kaya.04. Jinambak, lingganipun: jambak, tegesipun: di .............05. Tinulis, lingganipun: tulis, tegesipun: di ............Menawi aksara wiwitan tembung wonten "w", "p', "b", lajeng éwah dados "k" utawi "g".
- ayu - kumayu, tegesipun: anggènipun kados .......
- emping - kumemping, tegesipun: saweg eca ecanipun dipun ......
- wasis - kumasis, tegesipun:
kados tiyang .......- pinter - kuminter, tegesipun: kados tiyang ......- bagus - gumagus, tegesipun: kados tiyang ......
Tegesipun Tembung Dwi Lingga.
01. Naminipun barang : orong orong, alap alap, nget nget.
02. Nglampahi padamelan : omah omah, udan udan.03. Kathah : gedhé gedhé, jembar jembar, omah omah.04. Sanget : asin asin, seru seru, gedhé gedhé.05. Tansah : lali lali, ora ngerti ngerti.
06. Sanajan : alon alon, empuk empuk, anggeré.07. Mangsa / wanci : bedhug bedhug, soré soré.08. Saepolipun : dawa dawané, murah murahé.09. Boten susah : ora isan isin, ora rikah rikuh.
Tegesipun Tembung Tembung Dwipurwa / Dwiwasana.
01. Boten tentu barangipun : tetuku, lelara, gegaman.02. Nganggé/damel : gegriya.03. Murugaken : pepeteng, bebungah, lelethek.04. Pating : cengèngèsan, cekakaan.

Bab Rimbag (Kedadosanipun Tembung)

B. Bab Rimbag (Kedadosanipun Tembung)
Rimbag jinisipûn kathah sangêt.
1. Rimbag Tanduk:
punika t
êmbúng ingkang angsal atêr atêr anuswara (suwara irung):
m, ng, n, ny.
Rimbag Tanduk wonten 3 warni:
a. Tandúk Kriya Wantah: balang – mbalang, gambar – nggambar. b. Tandúk i kriya: jalúk – njaluki
tulis – nulisi
c. Tandúk ké kriya:
tuku – nukokaké,
sapu – nyapokaké.
Cathetan: tuku – nuku, sapu – nyapu
Mênawi aksara wiwitaning têmbung dados sêtunggal kaliyan atér atêr anuswara dipun wastani luluh.
Caranipun Ngudhal Têmbúng: Nyaponi : Lingganipun sapu, angsal ater rater : ny, angsal
panambang: i, rimbagipun:
tanduk i kriya.
2. Rimbag tanggap:
Tembung Lingga ingkang ater ater tripurusa (dak, ko, di), ater ater ka lan seselan in, Rimbag tanggap kapérang dados 6 warni:
a. tanggap utama purusa tiyang (kapisan)
- tanggap utama purusa wantah: dak jaluk, dak tulis.
- tanggap utama i kriya:
dak tukoni, dak pangani - tanggap utama purusa ké kriya : dak gambaraké, dak lungguhaké
b. tanggap madyama purusa (tiyang nomer 2)
- tanggap madyama purusa wantah: kojaluk, kotulis
- tanggap madyama purusa i kriya:
kotukoni, kopangani - tanggap madyama purusa ké kriya: kogambaraké, kolungguhaké c. tanggap pratama purusa (tiyang nomer 3)
- tanggap pratama purusa wantah :
njaluk, ditulis - tanggap pratama purusa “i” kriya: ditukoni, dipangani - tanggap pratama purusa “ké” kriya: digambaraké, dilungguhaké d. tanggap ka: ater ater ka = di
- tanggap ka wantah:
kajaluk, katulis - tanggap ka “i” kriya: kajalukan = dijaluki – katanduran - ditanduri - tanggap ka “ké” kriya: kajalukaké, katulisaké e. tanggap na, wujudipun seselan in, tegesipun = di
- tanggap na wantah:
jinaluk, tinulis - tanggap na “i” kriya: jinalukan = dijaluk, tinulisan = ditulisi f. tanggap tarung, tegesipun: pada déné, tulung – tinulung, obong tingobong.
Cathetan:
Panambang “i” wonten ing tanggpan “ka” lan tanggap “na” éwah dados “an”
3. Rimbag Bawa:
Rimbag bawa inggih punika tembung lingga ingkang angsal ater ater: “ké”, “a”, “ma”, “kuma”, “kapi”, lan seselan “um”.
a. bawa “ka”, wujudipun ater ater “ké”, ateges mboten jarag.
- bawa “ka” wantah:
kacemplung, kobong saking obong. - bawa “ka” wisésana: kacemplungan, kobongan. b. bawa “ha”, wujudipun ater ater “a” lan ater ater “ma”
akalung, akembang, asikil tegesipun nganggo/duwé.
Maguru tegesipun golèk ilmu marang.
c. bawa “ma”, wujudipun seselan “um”: gumantung, gumagus, dumunung, kumenthus. d. bawa “kuma”, “kami”, “kapi”, ateges: sing : kumawani, kamigilan, kapi-lara. e. bawa “ma” tundha, ateges tansah : turun temurun, gulung gemulung. Cathetan: tembung madukun, maguru, asring dipun anggep bawa “ma” dupèh ater ateripun “ma”, punika mboten leres, leresipun bawa “ha”. Kedah dipun bèntènaken antawisipun tembung: - ko-obong = tanggap madyama wantah - ke-obong (kobong) = bawa “ka” wantah - ka-obong = tanggap “ka” wantah 4. Sananta.
Sananta pandapukipun: dak + tanduk + …. “i” ke dak, ingkang ateges
arep. a. sananta dak wantah: dak-njaluk = aku arep njaluk. b. santana dak “i” kriya: dak-njaluki = aku arep njaluki. c. santana dak “ké” kriya: dak-nukokaké = aku arep nukokaké. d. wonten malih sananta dak lan di ingkang ateges arep. sing: dak sregep, dak meneng, ditaberi, diprayitna.5. Tandang.
Tandang pandapukanipun: dak + lingga “é” (ané) “né” panambang “é” (ané) “né” ateges
arep. a. tandang dak wantah: dak jupuké = arep dak jupuk. b. tandang “i” kriya: dak jupukané = arep dak jupuki. c. tandang “ké” kriya: dak jupukné = arep dak jupukaké. Cathetan: Sananta lan tandang nggadahi teges arep.
Sananta asalipun saking ukara tanduk manawi tandang saking ukara tanggap,
Tuladha: Aku arep nulis layang dhisik – aku dak nulis layang dhisik. Layangé arep dak tulis dhisik – layang dak tulisé dhisik. Wonten ing tandang “é” wantah dados “é” Wonten ing tandang “i” wantah dados “ané” Wonten ing tandang “aké” wantah dados “né”6. Sambawa.
Tembung sambawa nggadahi teges: sanajan, pengarep arep.
Upama.
Panambangipun “a”, “ana”, “na”.
Sambawa kapérang:

1. Sambawa saking tanduk: a. Sambawa tanduk wantah: nggawa, conto: lan tegesipun,
-
nggawa dhuwit arep dienggo apa wong ora ana wong dodol = sanjan.
-
mbakyu mbok nggawa lading ya, kena dienggo ngoncèki tebu = ngarep arep.
-
ah, mau nggawaa wacan kena kanggo sambèn ora ndlongop ngéné iki = sanjan.
b. Sambawa tanduk “i” kriya: njalukana. c. Sambawa tanduk “ké” kriya: njalukna. 2. Sambawa saking tanggap: a. Sambawa tanggap wantah : dakgawaa, kogawaa, digawaa. b. Sambawa tanggap “i” kriya: dak gawanana, kogawakna, digawanana. c. Sambawa tanggap “ké” kriya: dakgawakna, kogawakna, digawana. Cathetan: 1. Wantah panambang “a” 2. “i” kriya panambang “i” malih dados “ana” 3. “ké” kriya panambang “aké” malih dados “na”7. Pakon – Préntah.
Rimbag Pakon kapérang:
1. Pakon tanduk:
a. Pakon tanduk wantah:
nggawaa = akon nggawa. b. Pakon tanduk “i” kriya: nggawanana = akon nggawani. c. Pakon tanduk “ké” kriya: nggawakna = akon nggawakaké. 2. Pakon tanggap “ya” pandapukipun: lingga + “é” (an) “na”.
a. Pakon tanggap wantah:
gawanen= akon supaya kogawa. b. Pakon tanggap “i” kriya: gawanana = akon supaya kogawani. c. Pakon tanggap “ké” kriya: gawakna = akon supaya kogawakaké. Cathetan: Wonten ing pakon tanduk: 1. Wantah, panambangipun “a” 2. “i” kriya, panambangipun “i”, malih dados “ana” 3. “ké” kriya, panambangipun “aké”, malih dados “na”. Pandapukipun Sambawa tanduk sami sami kaliyan pakon tanduk, pramila kedah dipun èngeti tegesipun wonten ing ukara. Upaminipun : - ngGawaa dhuwit wong barangé wis entèk = Sambawa
= sanès préntah.
- sésuk kowé nggawaa buku = pakon.
8. Guna:
Guna inggih tembung tembung ingkang angsal panambang “en” nggadahi teges nandang, saking lingganipun.
-
wudunen, gudigen, singunen. Kedah dipun bèntenaken tembung tembung: jupuken, panganen
= pakon tanggap
wantah, koroken, duduken = guna.
9. Adiguna: Pandapukipun: “ke” + lingga + “en”, ateges leluwihan:
kedhuwuren, kebangeten, kabangen.
Bèntenipun: tembung tembung: kecemplung, kecipratan
= wisésa bawa ka.
- kegedhèn, kepinteran = adiguna.10. Bawa - Wacaka:
Pandapukipun “ka” + lingga + “an”, ateges: nedahaken panggènan utawi ndapuk tembung aran.
Bawa wacaka mboten ateges ndapuk tembung kriya.
-
Kalurahan = panggènan, kabupatèn = panggènan. - Kausikan = tembang aran, kasugihan = tembung aran Tembung tembung punika kedah dipun bèntenaken.
- kajalukan = dijaluki, tanggap “i” kriya
- kapinteran = bawa wacaka.
- kecemplungan = wisésana bawa “ka”.
11. Daya Wacaka:
Pandapukipun: “pa” + lingga + “an”, ateges panggènan utawi mangsa:
- pasuketan, pakuburan, panèn, padusan.
12. Kriya – Wacaka / Karana Wacana.
Pandapukipun : “pe” + tanduk + (“pe + tanduk + “an”)
- penulis = tukang nulis, karana wacaka
- penulisé = carané nulis, karana wacaka
Bèntenipun daya wacaka kaliyan karana wacaka:
daya wacaka saking tembung aran.
karana wacaka saking tembung kriya.
Kedah dipun bèntenaken tembung:
gorèngan = olèh olèhané nggorèng, kaliyan tembung:
penggorèngan = papan kanggo nggorèng.
13. Tembung Rangkep:
Tembung rangkep inggih punika tembung ingkang dipun ungelaken ambal kaping kalih.
Tembung rangkep wonten 3 warni:
1. Dwilingga: lingganipun dipun rangkep.
a. dwilingga wutuh: bocah bocah, réka réka.
b. dwilingga salin swara ngarep:
dhuwat – dhuwit. c. dwilingga salin swara mburi: jarèn jérèn, téla télé.
d. dwilingga salin swara kabèh: modhang mèdhèng, gonjang ganjing. 2. Dwipurwa: wanda ingkang wiwitan dipun rangkep: jejaka, tetuwuhan. 3. Dwiwasana: wanda ingkang wekasan dipun rangkep:
cengèngèsan, cekakaan.
14. Tembung Jamboran (Majemuk).
Tembung jamboran, tembung kalih utawi langkung ingkang dipun gandhèng dados satunggal.
1. Jamboran wutuh.
Jamboran wutuh wonten 3 golongan:
a. ingkang tegesipun sadrajad: gedhé cilik, boya pakéwuh. b. tembung ingkang kaping kalih dados katranganipun tembung ing kapisan: kandhang jaran, jambu wer. c. tembung ingkang kapisan dados katranganipun tembung ingkang kaping kalih:
brata yuda, wijaya kusuma. 2. Jamboran tugel: wancahan.
Jamboran tugel tembung kalih ingkang dipun cekak:
- kakkong, dhekwur, kongèl. Cathetan: Kedah dipun bèntenaken antawisipun jamboran tugel kalayan kérata basa. - kakkong: asalipun saking tungkak bokong. - dhélik: asalipun saking tembung gedhé cilik. Jamboran tugel asalipun saking kalih tembung. Manawi kérata basa asalipun pancèn satembung lajeng
dipun othak athik supados mathuk.

- tembung tebu, dipun othak athik dados manteb ing kalbu. - tembung kathok, dipun othak athik dados ngangkaté saka sithok.
Tembung Wancah.
Tembung wancah tembung ingkang dipun cekak.
Warni warnining tembung ingkang dipun wancah:
1. Namanipun laré/tiyang sepuh:
- Mulyana dados Mul utawi Yan. - Sutana dados Tana utawi Ton. - Suminah dados Minah utawi Min. - Pawirareja dados Pawira - Wangsadimeja dados Sadimeja.
2. Namanipun panggènan:
- Kartasura dados Tasura. - Imogiri dados Mogiri. - Boyolali dados Yolali.
3. Wicalan (etungan):
- ji, ro, lu, pat, ma, nem, tu, lu, nga, luh.
4. Tembung krama kawancah dados madya krama.
- punika dados nika. - mangga dados ngga.
- dhateng dados teng.
5. Tembung jamboran (Jamboran tugel).
- gedhé cilik dados dhélik. - endhèk lemu dados dhèkmu. - gedhé bagus dados dhégus.

Tembung Lingga lan Andahan

A. Tembung Lingga lan Andahan
 
Têmbung Linggå
Inggíh punika têmbung íngkang dèrèng éwah sakíng aslinipún:
- tulis, turu, tuku.

Têmbung Andahan
Inggíh punika têmbung íngkang sampún éwah sakíng lingganipún:
- tulis dados nulisi,
- turu dados nurokaken,
- tuku dados daktukoni.

Têmbung lingga sagêd éwah dados têmbung andhahan, sabab:

1. angsal wéwahan:
a. dipun wéwahi ing sangajenging tembung wéwahan,
wéwahan sangaj
êng têmbung naminipun Atêr atêr:
m, n, ny, dak, ko di, ké, sa, pa, pi, pra, kuma, kapi, kami
b. dipun wéwahi ing sawingkingipun t
êmbung,
wéwahan sawingkinging t
êmbung naminipun Pênambang:
ku, mu, é, èn, an, i, aké, a, na, ana, né.
c. angsal s
êsêlan: in, um, jupuk – jinupuk,
gantung – gumantung.

2. dipun rangkêp: a. sadaya: watuk – watuk, bola –bali b. ngajêng: têtuku c. wingking: cêngèngès.

3. dipun campur (cambor) kaliyan têmbung sanès:
baya – pakéwuh.

4. dipun cêkak (wantah) : dhuwit – dhit.
Kómputêrisasi aksårå Hånåcåråkå

Wiwít dåsåwårså 1980-an pungkasan lan purwané 1990-an, aksårå Hånåcåråkå ugå digawèkaké fónt ing kanggo panrapan ing kómputêr. Salah siji síng kapisan nggawé fónt aksårå Jåwå iku Willem van der Molen, dhosèn filologi lan sastrå Jåwå Kuna ing Univèrsitas Leiden.

Aksårå Hånåcåråkå kanggo båså séjé saliyané Jåwå

Raden-segara
Tulisan båså Madurå måwå Hånåcåråkå

Hånåcåråkå ugå diênggo nulís båså-båså liyå, saliyané båså Jåwå. Conto síng cêthå bangêt tamtuné båså Bali.
Båså Bali Kunå ditulís nganggo sawijiníng aksårå síng biså diarani séjé.
Nangíng mbókmênåwå sawisé jaman Måjåpait, aksårå Hånåcåråkå gaya Jåwå dadi kanggo nganti sêpréné.
Dadi aksårå Bali modhèrn iku yèn dirunút sarasilahé asalé såkå aksårå Måjåpait lan ora såkå aksårå Bali Kuna.
Sabanjúré aksårå Hånåcåråkå síng diarani Carakan ugå dadi diênggo ing Tatar Sundhå wiwít abad kapíng 16 nalikå Mataram mbêdhah karajan Sundhå lan ngasta budåyå Jåwå såhå agama Islam ing Jåwå Kulón.
Sadurungé iku wóng-wóng Sundhå nganggo aksårå Sundhå síng sênadyan isíh sakrabat karo aksårå Hånåcåråkå, nangíng séjé rupané. Aksårå Sundhå iki luwíh cêdhak lan luwíh mèmpêr karo aksårå Budå.
Carakan disinaóni ing Tatar Sundhå nganti sawisé Pêrang Donya II. Ing sawêtårå pirang taún pungkasan iki ånå gêrakan ing Tatar Sundhå síng nyobå nrapaké panggunané aksårå Sundhå Kunå manèh.
Têrús såkå pulo Madurå akèh ditêmókaké naskah-naskah manuskrip ing róntal utåwå dluwang.
Akèhé pancèn tinulís ing båså Jåwå, nangíng aksårå Hånåcåråkå ugå ditrapaké kanggo nulís båså Madurå.
Utamané wiwit ing abad kapíng 19. Såkå pungkasané abad kapíng 19 lan wiwitan abad kapíng 20 ugå akèh buku-buku måwå båså Madurå ing aksårå Hånåcåråkå síng kacithak.
Banjúr ing wusånå, aksårå Hånåcåråkå ugå kadhangkålå diênggo nulís båså Mêlayu.
Biyasané wujudé layang síng tinulís déníng wóng-wóng síng dudu kalêbu wóng pribumi ing Tanah Jåwå utåwå Bali lan dadi ora nguwasani båså lokal.
Muncúlé Aksårå Hånåcåråkå Anyar  

Sawisé jaman Måjåpait, muncúl jaman Islam lan uga jaman Kolonialismê Kulón ing Tanah Jawa.
Ing jaman iki banjúr muncúl naskah-naskah manuskrip kapisan síng wís nganggo aksårå Hånåcåråkå Anyar.
Naskah-naskah iki ora namúng katulís ing gódhóng palêm (róntal utawa nipah) manèh, nangíng ugå ing dluwang utawa kêrtas lan awujúd buku utåwå codex ("kodhèks").
Naskah-naskah iki ditêmókaké ing tlatah pasisir lór Jåwå lan pådhå digawani mênyang Eropah ing abad kapíng 16 utåwå 17.

Bêntuké aksårå Hånåcåråkå Anyar iki wís bédå karo aksårå sadurungé kayåtå aksårå Måjåpaitan.
Prabédan utåmå iku anané serif tambahan ing aksara Hånåcåråkå Anyaran.
Aksårå-aksårå Hånåcåråkå awal iki bêntúké mèmpêr kabèh såkå Bantên ing sisíh kulón nganti têkan Bali.
Nangíng banjúr akiré pirang-pirang tlatah ora nganggo aksårå Hånåcåråkå lan pindhah nganggo Pégón lan aksårå Hånåcåråkå gaya Surakartan síng dadi baku.
Nangíng saka kabèh aksårå iku, aksara Bali síng bêntúké têtêp padha nganti ing abad kapíng 20.

Aksårå Hånåcåråkå ing médhia céthak

Aksårå Hånåcåråkå wiwít digunakaké kanggo nyithak buku ing púrwané abad kapíng 19.
Tèknik médhia cithak wiwít ditêpangi púrwané ing Eropah ing têngahé abad kapíng 15 ing kiwå-têngêné tahún 1450.
Síng kapisan ngriptå iku Johannes Gutenberg såkå Jêrman.
Måwå sistém Gutenberg iki, dadi sawijiníng tèks ora usah ditulís måwå tangan manèh déníng sawijiníng juru tulís nangíng bisa dicithak.
Akibaté buku-buku biså diprodhúksi massal lan éwadéné biså diêdól luwíh murah lan panyêbarané luwíh jêmbar.
Bångså Éropah wís pådhå nêkani Nuswantårå wiwít taun 1511, lan manyinaóni båså-båså pribumi ing tlatah kéné, nangíng gagasan kanggo nyithak buku-buku måwå aksårå pribumi lagi muncúl ing purwané abad kapíng 19.
Sadurungé ånå aksårå síng marêmi brayat umúm, ana sawêtårå gagasan-gagasan síng muncúl prêkårå aksårå Jåwå cithak síng apík såkå sumbêr síng séjé-séjé.
Ing kålå sêmono pangriptå aksårå Jåwå cithak iki dadi diprakarsani déníng kêlómpók síng séjé-séjé yaiku: Raffles, pamaréntah Hindhia-Walåndå, kaúm panyêbar agåmå Kristên (zending), lan pårå ngèlmuwan.
Kanggo aksårå Hånåcåråkå Jåwå, priyayi síng kapisan nggawé cithakan aksårå Hånåcåråkå iku Thomas Stamford Raffles ing bukuné síng misuwúr The History of Java (Raffles 1817).
Nangíng aksårå cithak Jåwå iki namúng kanggo ilustrasi ing bukuné waé, ora kanggo nyithak tèks síng akèh.

Van Vlissingen
Sawisé iku ing taún 1820, kêpala Algemeene Secretarie ing Batavia, J.C. Baud mutúsaké supåyå ånå mêsín cithak måwå aksårå Jåwå. Baud banjúr awèh paréntah marang sawijiníng pakar båså Jåwå Walanda síng nalika iku manggón ing Suråkårtå, P. van Vlissingen supåyå biså ngrancang sawijiníng aksårå cithak síng praktis tur apik. Van Vlissingen sarujúk lan nggawé sawijiníng modhèl aksarané. Nangíng dhèwèké ing taún 1821 mulíh mênyang Walåndå.
Sênadyan mêngkono pårå pênggêdhé ing Batavia sênêng marang rancangané lan Van Vlissingen síng wís ing Walåndå dikirim layang supåyå nêrusaké gayuhé.
Banjúr wusanané ing Juni 1825 aksårå cithak iki têkan ing Batavia. Wóng-wóng ing kånå pådhå sênêng amêrgå aksarané biså kanggo nyithak tulisan tênanan lan tuladhané yå aksårå síng kaanggêp apík dhéwé kålå iku: aksårå Hånåcåråkå gaya kêratónan Suråkårtå. Nangíng sênadyan mêngkono ugå ånå kritik marang aksårå cithak iki. Aksarané kêcilikên ukurané minångkå rélatif lan akèh pådå-pådå såhå sandhangan síng ora mèlu kacipta dadi aksårå iki ora bisa kanggo nyithak tèks-tèks kasusastran, namúng kanggo nyithak tèks-tèks biyåså waé ing koran.
Kamångkå rêncanané mbiyèn olèhé nggawé aksårå cithak iku supåyå bisa nyithak buku-buku kasusastran

Brückner
Banjúr kurang luwíh ing mångså síng pådhå ånå sawijiníng juru dakwah Protèstan (Walanda zendeling) såkå Jêrman ajênêng Gottlob Brückner síng nduwé kapénginan nêrjêmahaké Alkitab ing båså Jåwå. Brückner wís manggón wiwít taún 1814 ing Sêmarang. Alíhbåså Alkitabé wís rampúng ing taún 1821, banjúr dhèwèké kêpéngín nyithak naskahé lan takón mênyang pamaréntah kolonial åpå bisa nggawé mêsín cithak aksårå Jåwå ora.
Nangíng suwé ora olèh réaksi wusanané dhèwèké nggawé aksara cithakan dhéwé síng rampúng ing taún 1831.
Aksarané iki saliyané kanggo nyithak pratélan Alkitabé, uga diênggo nyithak pamflèt-pamflèt Kristên síng diêdúmaké ing Sêmarang taún 1831.
Ing Sêmarang pårå pêdunúng pribumi tibaké sênêng bangêt marang tulisané nganti pamaréntah kolonial dadi wêdi lan mbêslah åpå síng turah.
Banjúr Brückner ugå olèh pèngêtan yèn Alkitab-Alkitabé ugå bakal dibêslah yèn diêdúmaké.
Wujúd aksårå Jåwå gaya Brückner iki ditliti déníng pårå pakar sastrå Jåwå kålå iku yaiku C.F. Winter lan J.F.C. Gericke.
Pårå pakar iki kúrang sênêng marang modhèl aksarané Brückner amêrga kaanggêp dudu cangkókan gaya Kêratón Suråkartan síng kålå iku kaanggêp apík dhéwé.

Roorda van Eysinga lan Radèn Saleh
Roorda van Eysinga, sawijiníng pakar sastrå Jåwå ing nêgårå Walåndå uga tau ditugasi nggawé aksara cithak.
Roorda van Eysinga banjúr ngrancang sawijiníng aksårå, rinéwangan déníng Radèn Salèh.
Aksårå riptan Roorda van Eysingan iki rampúng ing taún 1835. Nangíng kasilé dikritik amêrgå rupané isíh ålå lan wujúdé wujúd aksårå pêsisiran, dudu aksårå gaya Suråkartan.

Roorda
Taco Roorda iku síng kapisan biså nggawé aksårå Jåwå síng biså dianggêp suksès amêrgå aksarané ditampa déning pårå pakar sajaman lan têtêp diênggo nganti luwih saka 100 taún.
Aksårå Roorda iki rampúng ing taún 1838.
Taco Roorda iku sajatiné pakar båså Wétan Têngah kaya ta båså Ibrani, budaya Wétan Têngah, såhå tafsir Prajanjian Lawas.
Nangíng dhèwèké dadi profésor båså lan sastrå Jåwå wiwít taún 1842 ing Delftsche Academie, akadêmi studi ‘Hinda’ ing Delft. Sawisé lêmbaga iki dibubaraké ing taún 1864, dhèwèké dadi profésor ing lêmbaga pênêrusé ing Leiden síng diarani Rijksinstelling tot Opleiding van Indische Ambtenaren utåwå 'Lêmbaga Negårå bagi Pêndidikan Pêgawai Nêgêri Hindia'.
Roorda dhéwé miturút panuturé dhéwé biså nggawé aksårå síng apík mêrgå bisa niliki lan sinau såkå pêngalaman pårå pêndahulu-né. Saliyané iku dhèwèké biså nggambar måwå apík, mulané bisa nggambar konsèp cithakan aksarané.
Banjúr jênís aksårå sing diênggo déníng Roorda iku jênisé pancèn têpat, yaiku aksårå Jåwå gaya Karatón Suråkårtå síng kålå iku dianggêp apík dhéwé.
Aksårå Måjåpait


prasasti-Singosari_1351
Prasasti Singhåsari 1351

Ing sajarah Nuswantårå mångså antårå taún 1250 - 1450 iki ditandhani karo dhominasi Måjåpait ing Jåwå Wétan.
Aksårå Måjåpait iki ugå nudúhaké pangarúh såkå gaya panulisan ing róntal lan rupané éndhah. Gayané sêmu kaligrafis.
Conto utåmå gaya panulisan aksara iki bisa paling bêcík didêlêng ing Prasasti Singhåsari 1351 sing gambaré ana ing sisih ndhuwur iki.
Gaya panulisan aksårå gaya Måjåpait iki wis nyêdhaki gaya modhèrn.
Aksårå Pasca-Måjåpait

Pr_Ngadoman
Prasasti Ngadóman

Sawisé jaman Måjåpait síng miturút tradhisi Jåwå nêgårå binêdhah ing taún 1478 (cåndråsangkalané sirnå ilang krêtaning bumi) nganti pungkasan abad kapíng 16 utåwå awal abad kapíng 17, kanggo sajarah aksårå Jåwå bisa diarani "jaman pêtêng".
Amêrgå sawisé iku nganti awal kapíng 17 mèh ora ditêmókaké bukti panulisan.
Ujug-ujug bêntúk aksårå Jåwå dadi bêntuké síng modhèrn.

Sênadyan mêngkono ugå ditêmókaké prasasti síng wigati amêrgå dianggêp dadi "missing link" antårå aksårå Hånåcåråkå såkå jaman Jåwå Kunå lan aksårå Budå síng isíh diênggo ing Tanah Jåwå, utamané ing sakiwa-têngêning Gunúng Mêrapi lan Mêrbabu nganti abad kaping 18.
Prasasti síng diómóngaké iki diarani Prasasti Ngadóman síng ditêmókaké cêdhak Sålåtigå.
Nangíng conto aksårå Budå síng paling tuwå didugå asalé såkå Jåwå Kulón lan ditêmókaké ing naskah-naskah síng ngamót Kakawin Arjunawiwaha lan Kunjarakarna gancaran.

Aksårå Pallawa

Aksårå Pallawa
Prasasti-Yupa02
Prasasti Yupa
Aksårå Pallawa iku asalé såkå India sisíh kidúl. Jênís aksårå iki digunakaké ing kiwå-têngêné abad kapíng 4 lan abad kapíng 5.
Búkti kapisan panganggonan jênís aksårå iki ing Nuswantårå ditêmókaké ing pulo Kalimantan sisíh wétan ing cêdhak tlatah síng saiki diarani Kutai.
Banjúr aksårå iki ugå digunakaké ing pulo Jawa ing Tatar Sundhå ing prasastiné Tarumanêgara síng katulis ing kiwå-têngêné taun 450. Ing Tanah Jåwå dhéwé aksårå iki kagunakaké ing Prasasti Túk Mas lan Prasasti Canggal.
Aksårå Pallawa iki biså dianggêp babóníng kabèh aksårå ing Nuswantårå, kalêbu aksårå Hånåcåråkå.
Yèn didêlêng aksårå Pallawa iki rupané makothak-kothak. Ing basa Inggrís prêkårå iki diarani nganggo ukara “box head” utåwå “square head-mark”. Banjúr mèh kabèh aksårå tinulís nganggo åpå síng kasêbút måwå istilah serif. Serif-é tinulis ing sisíh kiwå.
Sênadyan aksårå Pallawa wís ditêpangi ing Nuswantårå wiwít abad kapíng 4, nangíng båså Nuswantårå asli durúng ånå síng katulis ing aksårå iki.

Aksårå Kawi Wiwitan
Prabédan antårå aksårå Kawi Wiwitan karo aksårå Pallawa iku utamané gayané.
Aksårå Pallawa iku kêtårå yèn sawijiníng aksara monumèntal síng kanggo nulís ing watu.
Aksårå Kawi Wiwitan katóné utamané aksårå síng kanggo nulís ing róntal lan mulané bêntúké dadi luwih kursif.
Aksårå Kawi Wiwitan digunakaké antara taun 750 nganti 925. Prasasti-prasasti sing katulís ing aksårå Kawi Wiwitan cacahé akèh, kurang luwíh 1/3 (sapratêlón) såkå kabèh prasasti síng ditêmókaké ing pulo Jåwå.
Ing Tanah Jåwå, aksårå iki palíng tuwå ditêmókaké ing Prasasti Plumpungan (cêdhak Sålåtigå) síng kurang luwíh ditulís ing taún 750. Prasasti iki isíh ditulís ing båså Sangskrêta.

Aksårå Kawi Pungkasan
Kira-kira sawisé taún 925, pusat kakuwasan ing pulo Jåwå dadi pindhah ing Jåwå Wétan.
Pangalihan kakuwasan iki uga katón pangaruhé ing jênisíng aksårå síng kanggo.
Mångså aksårå Kawi Pungkasan iki kirå-kirå såkå taún 925 nganti 1250. Sajatiné aksårå Kawi Pungkasan ora béda akèh ing wujudé karo aksårå Kawi Wiwitan, namúng gayané waé sing dadi rådå séjé.
Ing sisi liyå, gaya aksårå síng kanggo ing Jåwå Wétan sadurungé taún 925 uga wís bédå karo gaya ing Jawa Têngah.
Dadi katóné prabédan iki ora namúng prabédan ing wêktu waé nanging uga ing papan.
Ing mångså iki biså dibédakaké papat gaya aksårå sing bédå-bédå:
1. Aksårå Kawi Jåwå Wétanan såkå taún 910 - 950;
2. Aksårå Kawi Jåwå Wétanan såkå jaman prabu Airlangga
(1019 - 1042);
3. Aksara Kawi Jåwå Wétanan Kêdhiri
(kurang luwíh 1100 - 1220)
4. Aksara têgak (quadrate script) isíh såkå mångså Kêdhiri
(1050-1220).

Aksårå Jåwå Hånåcåråkå

Aksårå Jåwå Hånåcåråkå
 
Aksårå Hånåcåråkå iku babóné aksårå Brahmi síng asalé såkå Hindhústan.
Ing anak bawånå Indhia iku akèh rupa-rupaníng aksårå. Salah sijiníng aksårå síng wigati iku aksara Pallawa saka Indhia sisih kidúl.
Aksårå iki inaranan mêngkéné miturút jênêngé salah siji karatón ing Indhia kidúl yaiku Karajan Pallawa.
Aksårå Pallawa iki digunakaké ing kiwa têngêné abad kapíng-4 Masèhi.
Ing Nusantårå patilasan sajarah arupå prasasti Yupå saka Kutai, Kalimantan Wétan tinulis nganggo aksårå Pallawa.
Aksårå Pallawa iki dadi babóné kabèh aksårå Nusantårå, antarané aksårå Hånåcåråkå ugå aksårå Réncóng (aksara Kaganga), Surat Batak, aksara Makassar lan aksara Baybayin (aksarané saka Filipina).
Professor J.G. de Casparis, yaiku pakar paléografi utåwå ahli ngèlmu sajarah aksårå misuwúr såkå Walåndå mérang sajarah tuwuhíng aksårå Hånåcåråkå ing limang mångså utåmå:
1. Aksårå Pallawa
2. Aksårå Kawi Wiwitan
3. Aksårå Kawi Pungkasan
4. Aksårå Måjåpait
5. Aksårå Pasca-Majåpåit utawa Hånåcåråkå
Aksårå Pallawa iki digunakaké ing Nusantårå såkå abad kapíng 4 nganti kurang luwíh abad kapíng 8.
Banjúr aksårå Kawi Wiwitan diênggo såkå abad kapíng 8 nganti abad kapíng 10 utamané ing Jawa Têngah.
Aksara Kawi Pungkasan digunakaké sawisé abad kapíng 10 nganti kirå-kirå abad kapíng 13 ing Jåwå Wétan.
Banjúr aksårå Måjåpait iku digunakaké ing Jåwå Wétan nalikå jaman Måjåpait.
Banjúr sawisé karajan Måjåpait binêdhah, muncúl aksara Hånåcåråkå modhèrn síng ugå kêrêp diarani aksårå Jåwå.
Aksårå ini banjúr dadi kanggo ing saubêngíng Tanah Jawa, Tatar Sundhå, Madurå, lan Bali.
Kabèh-kabèh aksårå iki dadi sakêlómpók lan isíh sakêrabat.
Nangíng sajatiné ugå ånå aksårå liyané ing tanah Jåwå síng luwíh lawas lan isíh diênggo.
Aksårå iki jênêngé dadi aksara Budå.
Aksårå Hånåcåråkå banjúr déníng wóng-wóng Eropah digawèkaké vèrsi aksårå céthak ing abad kapíng 19.

Sejarah Hånåcåråkå

Sejarah Hånåcåråkå  

Aksårå Hånåcåråkå.
Aksårå Hånåcåråkå ( utåwå ) iku sarupaníng aksårå síng kaanggo ing Tanah Jåwå lan saubêngé kåyå tå ing Madurå, Bali, Lómbók lan ugå Tatar Sundhå.
Aksårå Hånåcåråkå iku ugå diarani aksårå Jåwå nangíng sajatiné ukårå iki kurang srêg amargå aksårå Jåwå iku warnané akèh saliyané iku aksårå iki ora namúng diênggo nulís båså Jåwå waé.
Aksårå iki uga diênggo nulís båså Sangskrêta, båså Arab, båså Bali, båså Sundhå, basa Madurå, båså Sasak lan ugå båså Mêlayu.
Nangíng ing artikêl iki ukårå Hånåcåråkå lan aksårå Jåwå diênggo loro-loroné lan yèn ånå ukårå aksårå Jåwå síng dirujúk iku aksårå Hånåcåråkå.
Aksårå Hånåcåråkå kagólóng aksårå jinis abugida utåwå hibridha antårå aksårå silabik lan aksårå alfabèt.
Aksårå silabik iki têgêsé yèn sabên aksårå ugå nyandhang sawijiníng swårå. Hanacaraka kalêbu kulåwargå aksårå Brahmi síng asalé såkå Tanah Hindhústan.
Yèn bêntúké, aksårå Hånåcåråkå ånå wís kåyå saiki wiwít minimal abad kapíng 17.
Aksårå Hånåcåråkå iki jênêngé dijupúk såkå limang aksårå wiwitané.
Étimologi lan lêgèndha asalAksårå Hånåcåråkå jênêngé dijupúk såkå urutan limang aksårå wiwítan iki síng uniné "hånå cåråkå".
Urutan dhasar aksårå Jåwå nglêgêna iki cacahé ånå róngpulúh lan nglambangaké kabèh foném båså Jåwå.
Urutan aksårå iki kåyå mêngkéné:

hanacaraka-gambar
hå nå cå rå kå
då tå så wå lå
på dhå jå yå nyå
må gå bå thå ngå
Urutan iki uga biså diwåcå dadi ukårå-ukårå:
"Hånå cåråkå" têgêsé "Ånå utusan"
"Dåtå såwålå" têgêsé "Pådhå garêjêgan"
"Pådhå jåyånyå" têgêsé "Pådhå digjayané"
"Mågå båthångå" têgêsé "Pådhå dadi bathang".
Urutan ukårå iki digawé miturút lêgèndha yèn aksårå Jåwå iku diastå déníng Aji Såkå såkå Tanah Hindhústan mênyang Tanah Jåwå.
Banjúr Aji Såkå ngarang urutan aksårå kåyå mêngkéné kanggo mèngêti róng pånåkawané síng sêtyå nganti pati: Dorå lan Sêmbådå.
Loroné mati amêrgå ora bisa mbúktèkaké dhawuhé sang ratu.
Mulå Aji Såkå banjúr nyiptakaké aksårå Hånåcåråkå supåyå biså kanggo nulís layang.

Caritané kåyå mêngkéné:
Kacaritå ing jaman mbiyèn ånå wóng såkå Tanah Hindhústan anóm jênêngé Aji Såkå.
Dhèwèké putrané ratu, nangíng kêpéngín dadi pandhitå síng pintêr.
Kasênêngané mulang kawrúh rupå-rupå. Dhèwèké banjúr péngín lunga mêncaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jåwå.
Banjúr anuju sawijiníng dinå Aji Såkå sidå mangkat mênyang Tanah Jåwå, karo abdiné papat síng jênêngé Dugå, Prayogå, Dorå lan Sambådå. Barêng têkan ing Pulo Majêthi pådhå lèrèn.
Aji Såkå banjúr nilar abdiné loro; Dorå lan Sambådå ing púlo iku.
Déné Aji Såkå karo Dugå lan Prayogå arêp njajah Tanah Jåwå dhisík.
Dorå lan Sambådå diwêlíng orå olèh lungå såkå kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi kêrís pusakané, didhawuhi ngrêkså, ora olèh diêlúngaké marang såpå-såpå.
Aji Såkå banjúr tindak karo abdiné loro mênyang ing Tanah Jåwå. Njujúg ing nêgårå Mêndhang Kamolan.
Síng jumênêng ratu ing kono ajêjulúk Prabu Déwåtå Cêngkar. Sang prabu iku sênêngané dhahar dagingé wóng. Kawulané akèh síng pådhå wêdi banjúr pådhå ngalíh mênyang nêgara liya. Patihé ngaran Kyai Tênggêr.
Kacarita Aji Såkå ånå ing Mêndhang Kamolan jumênêng guru, wóng-wóng pådhå mlêbu dadi siswané.
Pårå siswané pådhå trêsna marang Aji Såkå amêrga dhèwèké sênêng têtulúng.
Nalika sêmana Aji Såkå móndhók nèng omahé nyai råndhå Sêngkêran dipèk anak karo nyai råndhå.
Kyai patíh karo nyai råndhå iyå wís dadi siswané Aji Såkå.
Anuju sawijiníng dinå sang prabu Déwåtå Cêngkar dukå bangêt ora wóng manèh síng biså didhahar.
Aji Såkå banjúr sagúh dicaósaké sang nåtå dadi dhaharané.
Sang nyai råndhå lan patíh dadi kagèt bangêt.
Nangíng Aji Såkå cêlathu yèn wóng loro iku ora usah kuwatír yèn dhèwèké ora bakal mati.
Banjúr Aji Såkå diatêraké ngadhêp prabu Déwata Cêngkar.
Prabu Déwåtå Cêngkar yå rumångså éman lan kêrså ngangkat Aji Såkå dadi priyayi, nangíng Aji Såkå ora gêlêm. Ånå siji panyuwuné, yåiku nyuwún lêmah saikêt jêmbaré. Síng ngukúr kudu sång prabu dhéwé.
Sang prabu Déwåtå Cêngkar iyå banjúr nglilani.
Nuli wiwít ngukúr lêmah diastå dhéwé.
Ikêté Aji Såkå dijèrèng. Ikêté tansah mulúr baé, dadi åmbå sêrtå dåwå. Iya dituti waé déníng sang prabu.
Nganti nótóg ing sêgårå kidúl. Barêng wís mèpèd ing pinggír sêgårå, ikêté dikêbútaké.
Déwåtå Cêngkar katút mlêsat kêcêmplúng ing sêgårå.
Malíh dadi båyå putíh, ngratóni saisiníng sêgårå kidúl.
Wóng-wóng ing Mêndhang Kamolan pådhå bungah.
Awít ratuné síng diwêdèni wís sírnå.
Sêka panyuwuné wóng akèh. Aji Saka nggantèni jumênêng ratu ånå ing nêgårå Mêndhang Kamolan ajêjulúk Prabu Jåkå, iya prabu Widåyåkå.
Déné patihé isíh lêstari kyai patíh Tênggêr. Si Dugå lan si Prayogå didadèkaké bupati, ngarané tumênggúng Dudugå lan tumênggung Prayogå.
Sang prabu Jåkå, iyå sang prabu Widåyåkå nimbali si Dorå lan si Sambadå.
Kacarita sang prabu Widåyåka, pinuju miyós siniwåkå. Diadhêp kyai patíh sartå pårå bupati. Sang prabu kèngêtan abdiné síng didhawuhi ngrêkså pusåkå kêrís ånå ing Pulo Majêthi.
Ndangu marang Dudugå lan Prayogå kêpriyé wartané si Dorå lan si Sêmbådå. Prayogå lan Dudugå ora bisa mangsuli awit wís suwé ora krungu åpå-åpå.
Kacarita si Dorå lan si Sambådå sing kari ånå ing Pulo Majêthi.
Wóng loro iku wís pådhå krungu pawårtå manåwå gústiné wís jumênêng ratu ånå ríng Mêndhang Kamolan.
Si Dorå ngajak sowan nangíng si Sambådå ora gêlêm awít wêdi nêrak wêwalêré gústiné, ora parêng lungå-lungå sêkå pulo Majêthi, yèn ora tinimbalan.
Nangíng si Dorå nékad arêp sowan dhéwé.
Si Sambådå ditilapaké. Banjúr mangkat ijèn waé.
Ånå ing dalan si Dorå kapêthúk karo tumênggúng Dudugå lan Prayogå. Utusan loro mau banjúr diajak bali déníng si Dorå.
Awit si Sambadå dijak ora gêlêm.
Wóng têlu banjúr sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sêmbådå ånå ing ngêndi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gêlêm diajak.
Mirêng aturé si Dorå, sang prabu dukå bangêt, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn.
Banjúr Dorå, didhawuhi bali mênyang pulo Majêthi lan nimbali si Sambådå.
Yèn mêkså ora gêlêm didhawuhi dirampungi lan kêrisé dibalèkaké.
Dorå sanalikå mangkat. Ing pulo Majêthi kêtêmu karo Sêmbådå. Kåndhå yèn mêntas sowan gústiné.
Saiki diutús nimbali si Sambådå. Pusåkå kêrís didhawuhi nggåwå.
Nangíng si Sambådå ora ngandêl marang kandhané si Dorå. Banjúr pådhå padu ramé.
Suwé-suwé pådhå kêkêrêngan, dêdrêg ora ånå síng kalah, awít pådhå digdayané.
Wasånå banjúr pådhå nganggo gaman kêrís pådha gênti nyudúk. Wêkasan pêrangé sampyúh.
Si Dorå lan si Sambådå pådhå mati kabèh.
Sang Prabu ngarêp-arêp têkané si Dorå. Wís sawêtårå suwéné têkå durúng sowan-sowan mångkå didhawuhi énggal bali.
Sang prabu nimbali tumênggúng Dudugå lån Pråyogå. Didhawuhi nusul si Dorå mênyang pulo Majêthi.
Sanalikå banjúr mangkat.
Barêng Dudugå lan Prayogå wís têkå ing pulo mau, kagèt bangêt déné si Dorå lan si Sambådå kêtêmu wís pådhå mati kabèh.
Tilasé mêntas pådhå kêkêrangan pådhå tatu kênå ing gaman. Pusåkå kêrís síng dadi rêrêksan gumléthak ånå ing sandhingé.
Pusåkå banjúr dijupuk arêp diatúraké marang gústiné.
Dudugå lan Prayogå banjúr bali sowan ing ngarsané gústiné lan mratélaké kahanané.
Sang Prabu Widåyåkå kagèt bangêt mirêng pawarané, awít pancèn kaluputané dhéwé wís kêsupèn pandhawuhé.
Banjúr sang prabu nganggít aksårå Jåwå nglêgêna kanggo mèngêti abdiné loro iku.