Sabtu, 12 Maret 2011

Ing Rêpat kapanasan, pasébanipún pårå Déwå sadåyå sami ngrêmbag prayoginíng lampah.

= 03 / 05 =

3. Ing Rêpat kapanasan, pasébanipún pårå Déwå sadåyå sami ngrêmbag
prayoginíng lampah.
Sasampunipun samaptå sadåyå, lajêng bidhal gugúr gunúng ngråtå
bumi pulo Jawi.
Prang Ampyak, Prampógan Déwå ngicali mégå mêndhúng pêpêdhút
ingkang ngalang alangi margi.
Punikå ing pakêliran lajêng dadós Jêjêr Kapisan, gapuran, kadhatónan,
paséban-jawi, kapalan, lan prang ampyak.
4. Madêg ing Kahyangan Sonyaruri.
Bathara Ismåyå sakaliyan garwå Dèwi Sênggani.
Nalikå punika Bathårå Ismåyå kaliyan garwå Dèwi Sênggani sampún
kagungan putra sêdåså cacahipún,
1. Bathårå Wungku’am inggíh Bathårå Bóngkókan.
2. Bathårå Wréhaspati,
3. Bathårå Yåmådipati,
4. Bathårå Súryå,
5. Bathårå Cåndrå,
6. Bathårå Kuwérå,
7. Bathårå Patút, inggíh Bathårå Patúk utawi Patúh,
8. Bathårå Tamburu,
9. Bathårå Kåmåjåyå, lan
10. Dèwi Sarmanasiti inggih Dèwi Darmanastiti.
Bathårå Ismåyå dhawúh dhatêng pårå putrå, kapuríh tumút ambantu
pårå Déwå, gugúr gunúng andhungkari rêdi Jamúrdipå kawaradinakên
bumi pulo Jawi.
Pårå putrå sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
5. Kocap wóntên titahíng Hyang Kang Måhå Kawåså, nåmå Bathårå
Cålåkuthå ing Kahyangan Wisåbawånå.
Nuju lênggah wóntên ing kadhatónipún, dipún adhêp wadyåbalanipún
bangsaning upas wiså mandi, Kålå Katónggèng, Kålå Jêngkíng, Kålå
Abang lan sapanunggalanipún.
Bathårå Calakuthå midhangêt wartå, manawi pårå Déwå sami gugúr
gunúng andhungkari rêdi Jamúrdipå, nrajang ngrisak kadhatónipún.
Mila sangêt ing dukanipún, lajêng bidhal nêdyå ngalàng-alangi
tumindakipún pårå Déwa, kêbút sawådyå balanipún.
Wóntên ing margi lampahipún kapapag kaliyan pårå Déwå.
Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå.
Wadyanipún Bathårå Cålåkuthå sami kasóran, lajêng ngoncati.
Pårå Déwå sami ngoyak palajêngipún Bathårå Cålåkuthå.
Prang gagal.
Palajêngipún Bathårå Cålåkuthå dumugi èrèng - èrèngíng rêdi
Jamúrdipå, lajêng nyiptå sêndhang ingkang toyanipún sangêt wêníng
nangíng måwå wiså mandi.
Pårå Déwa anggènipún ngoyak dumugi laladan ngriku, sami sangêt
ngóróngipún.
Sumêrêp sêndhang ingkang toyanipún sangêt wêníng wóntên
sangandhaping rêdi Mandårå, lajêng sami agahan ngunjuk sakatógipún, têmah pårå Déwå sami pêjah sadåyå.
bathara_patuk
Bathara Patuk

Tidak ada komentar:

Posting Komentar