Sabtu, 12 Maret 2011

Lampahan Manik Maya Jagad Ginelar

Lampahan Manik Maya Jagad Ginelar  
= 01 / 05 =

Pakêm kinå kalarasakên kaliyan kawóntênan sapunikå

1. Anggêdhóg kothak kapíng gangsal, gångså mungêl Ayak-
ayakan, kalajêngakên gêndhíng Kawít, minggah ladrang Kawít,
laras Sléndro pathêt Manyurå.
Sasampunipun Kayón (Gunungan) kabêdhól,
kagêtêrakên lêmbat, kalóród mangandhap, mandhêg kapíng tigå,
têrús amblês mangandhap ing palêmahan kêlír.
Kayón lajêng kalampahakên alón gêtêr mangiwå-manêngên
wongsal -    wangsúl.
Nuntên tancêb jêjêg ing dêbóg nginggíl.
Gêndhíng kasirêp (mungêl liríh), lajêng kacaritakakên kajantúr:
Nalikå awang awang - uwúng uwúng, dèrèng wóntên punåpå
punåpå, Hyang Måhå Kawåså manggèn
wóntên satêngahíng kawóntênan, nyíptå dumadósíng pasthi.
Wóntên swantên ambêngúng ngêbêgi jagad kadós swantêníng
gênthå kêkêlêng.
Ingriku wóntên cahyå pacihang gumêbyar mungsêr bundêr
kadós antigå (tigan) gumandhúl tanpå canthèlan.
Énggal dipún astå déníng Hyang Måhå Kawåså, dipún pujå :
1. Cangkókipún, dadós bumi lan langít,
2. Pêthakipún, dadós cahyå lan téjå,
3. Jênnipún, dadós maník lan måyå.
Sasampunipun jagad gumêlar, cahyå, téjå, maník lan måyå,
ingkang nalika punika dèrèng kasumêrêpan, pundi
ingkang rumiyín lan pundi ingkang kantún.
Sadåyå lajêng kapujå dadós rupi manungså, kadós Bambangan
bagús.
Gångså wudhar, mantún sirêpan.
Gunungan kabêdhól, tancêp ing simpingan
sisih têngênipún Dhalang.
Bambangan bagús sêkawan kawêdalakên, madhêp manêngên,
tancêp ing dêbóg ngandhap sisih kiwå, tangan  ngapurancang.
Gêndhing Kawít minggah ladrang Kawít, lajêng suwúk, dipún
suluki pathêt Nêm jangkêp, lajêng pangandikan.
Swantên tanpa rupi : 

Sirå kabèh, cahyå, téjå, maník lan måyå. Wús Ingsún pujå rupå
manungså.
Cahyå, sira aran Bathårå Nurrådå (Narådå), Téjå aran Bathårå
Téjå iya Bathårå Antågå, Maník aran Bathårå Maník iyå Bathara
Guru, déné Måyå aran Bathårå Måyå iyå Bathårå Ismåyå.
Ingsún iki kang Måhå Kawåså, sira kabèh Ingsún kawasakaké
gawé lêlakón ånå sajroníng jagad gumêlar iki.
1. Bathårå Maník, Ingsún kawasakaké mranåtå jagad Trilokå,
jagadíng pårå Déwå, jagadíng pårå lêlêmbút, lan jagadíng
pårå manungså.
2. Bathårå Nurrådå Ingsún kawasakaké ngêmbani mranåtå karo       
Bathårå Maník.
3. Bathårå Ismåyå Ingsún kawasakaké mómóng pårå manungså
kang laku bêcík.
4. Déné sirå Bathårå Antågå, Ingsún kawasakaké nyoba
antêbíng tékadé pårå titah.


Bathårå sêkawan nyêmbah matúr sandikå, lajêng bidhal ningali kawóntênaníng jagad gumêlar.
Bathårå Antågå ing bénjíng turasipún dadós Kyai Tógóg, Pugúh, Antågå inggíh Kyai Téjåmantri.
Déné Bathårå Ismåyå ing bénjíng asríng manitís dhatêng turasipún ingkang nama Kyai Badråmåyå inggíh Kyai Sêmar.
bathara_Guru
Bathara Guru

Tidak ada komentar:

Posting Komentar