Sabtu, 12 Maret 2011

Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå. Bathårå Guru lêlênggahan kaliyan garwå Bathari Umå.

= 05 / 05 =


8. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå. Bathårå Guru lêlênggahan
kaliyan garwå Bathari Umå.

Rêraósan manawi ing sapunikå bumi pulo Jawi sampún råtå bótên
gonjíng.
Sartå karsanipún Hyang kang Måhå Kawåså, pårå Déwå lan
gólónganipún sami bótên kéngíng ing pêjah.
Bathara Guru lajêng nyiptå Déwa pitu ingkang ngrêkså lan nyanggå
bumi,
1. Dèwi Pratiwi, ngrêksa bumi sap kapisan.
2. Bathårå Kusikå, ngrêkså bumi sap kapíng kalíh.
3. Bathårå Ganggang, ngrêkså bumi sap kaping tigå.
4. Bathårå Sindhulå, ngrêksa bumi sap kapíng sêkawan.
5. Bathårå Dharampalan, ngrêkså bumi sap kapíng gangsal.
6. Bathårå Manikêm, ngrêkså bumi sap kapíng nêm, lan
7. Bathårå Antabogå, ngrêksa bumi sap kapíng pitu, sagêd malíh warni
någå agêng mawi swiwi.
Sasampunipun punikå, Bathara Guru lajêng mranåtå Déwå cacah
sangå, minångkå kanggé paugêraníng manungså, inggíh punikå.
1. Bathårå Mahadéwå, garwanipún nama Bathari Mahadèwi,
nguwaósi jagad wétan, pêkênanipún Lêgi, kithanipún salåkå,
sagantênipún santên, pêksinipún kúntúl, aksaranipún hå nå cå rå kå.
2. Bathårå Sambo, garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå,
nguwaósi jagad kidúl, pêkênanipún Paing, kithanipún têmbagi,
sagantênipún rah, pêksinipún wulúng, aksaranipún då tå så wå lå.
3. Bathårå Kåmåjåyå, garwanipún nåmå Bathari Ratíh,
nguwaósi jagad kidúl, pêkênanipún Pón, kithanipún mas,
sagantênipún madu, pêksinipún kêpodhang, aksaranipún på dhå jå
yå nyå.
4. Bathårå Wisnu, garwanipún nåmå Bathari Sri,
nguwaósi jagad lèr, kithanipún tósan, sagantênipin nilå, pêkênanipún
Wagé, pêksinipún gagak, aksaranipún må gå bå thå ngå.
5. Bathårå Bayu, garwanipún nåmå Bathari Sumi,
nguwaósi jagad têngah, pêkênanipún Kliwón, kithanipún prunggu,
sagantênipún wédang, pêksinipún gogík, aksaranipún ångkå wicalan
sadåså, 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0.
6. Bathårå Pritånjålå,
nguwaósi jagad lèr wétan, aksaranipún Byå-byå.
7. Bathårå Kuwóra,
nguwaósi jagad lèr kilèn, aksaranipún Nåråsunyå.
8. Bathårå Siwah,
nguwaósi jagad kidúl kilèn, aksaranipún Nirwitri, lan
9. Bathårå Mahayêkti,
nguwaósi jagad kidúl wétan, aksaranipún Ganyå.
Sadåyå punika lajêng dipún wastani Sastrå Undhagi, Sastrå
Wrêkså, inggíh nama Sastrå Kalang, kanggé paugêran damêl wísmå,
lan wêwatón sanès - sanèsipún, amríh kalís ing pitunå lan
sambékålå.
Bótên watawís dangu katungkå sowanipún Bathårå Patúk lan
Bathara Tamburu, atúr uningå, wóntên dênåwå ngamúk ngrisaki
kawóntênan, margi sami bótên narimahakên tugêlíng jangganipun
Dityå Kålå Rau.
Pårå Déwå kadhawuhan nyirnakakên pårå dênåwå ingkang sami
damêl rêsah.
Pårå Déwa sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
Wóntên ing pabaratan, pêrangipún pårå Déwa lan pårå dênåwå
ingkang dipún dombani Bathårå Antågå.
Wêkasan pårå dênåwå sami kasór sírnå larút.
Bathårå Bayu tayungan, lajêng sami wangsúl dhatêng Kahyangan.
9. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru dipún adhêp
pårå Déwå pêpak. Sadåyå sami sukå - sukå langên lénggót båwå,
déné jagad ginêlar sampún kalís ing sambékålå.
Tancêb Kayón.
sastra_wreksa
Sastra Wreksa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar