Sabtu, 12 Maret 2011

. Kocap Bathårå Guru, ing sabidhalipun pårå Déwå, lajêng ugi bidhal

= 04 / 05 =
6. Kocap Bathårå Guru, ing sabidhalipun pårå Déwå, lajêng ugi bidhal
nusúl anjampangi panyambút damêlipún pårå Déwå.
Sumêrêp pårå Déwå sami pêjah ngunjúk toyå wiså.
Rèhné botên mangêrtós sababipún, sartå ing wêkdal punikå ugi sangêt
ing ngóróngipún, nuntên agahan ngunjúk toyå sêndhang wiså.
Nangíng sawêg dumugi ing jånggå, kraós sakít, lajêng dipún utahakên,
jangganipún kalajêng biru gósóng, milå lajêng pêparab sang Hyang
Nilåkånthå, têgêsipún jangganipun biru gósóng.
Ingriku wóntên swantên tanpå rupi, Bathara Guru kadhawuhan lajêng
minggah malíh dhatêng rêdi Mandårå.
Ingriku wóntên sêndhang isi toyå panggêsangan.
Pårå Déwa ingkang sami pêjah, kapuríh nêtêsi toyaníng sêndhang isi
toyå panggêsangan wau.
Bathårå Guru nuntên minggah ing rêdi Mandårå (Rêdi Mandårå
punika ingkang kanggé mutêr samodrå susu, ngêdalakên Toyå Wiså,
lan Toyå Amrêtå, Toyå panggêsangan) mêndhêt toyå panggêsangan
kawadhahan ing sangku, lajêng murugi panggènanipún pårå Déwå
ingkang sami pralåyå.
Sadåyå sami dipún tètèsi toyå panggêsangan, sadåyå sami gêsang.
Pårå Déwå lajêng sami ngunjúk toyå panggêsangan wau.
Awít sakíng karsanipún Hyang Kang Måhå Kawåså, pårå Déwå lan
gólónganipún sami bótên kéngíng ing pêjah ing salami-laminipún,
sanadyan sagêd kéngíng ing sakít sawatawis.
7. Lampahipún Bathårå Wisnu sakaliyan Bathårå Cåndrå inggíh pêparab
Bathårå Badråmåyå, lan pårå Déwå sadåyå.
Sasampunipún ngunjúk toyå panggêsangan, lajêng sami tumandang
damêl.
Kocap ing jagad Antarikså, wóntên titahíng Hyang Måhå Kawåså,
nama Dityå Kålå Rau, inggíh Dityå Kålå Rêmbuculúng, sumêrêp pårå
Déwå sami ngunjúk toyå panggêsangan, lajêng niyúb mangandhap,
mêndhêt cupu wadhah toyå panggêsangan kabêktå minggah ing akåså,
cupu têrús kauntal.
Konangan déníng Bathårå Cåndrå, (Sagêd nganggé wayang Kyai
Sêmar, utawi Déwå srambahan sanèsipún.
Têmbúng Cåndrå têgêsipún rêmbulan. Déné Bådråmåyå têgêsipún,
rêmbulan ingkang cahyanipún måyå - måyå). lapúr dhatêng Bathara
Wisnu, ingkang trangginas énggal namakakên sanjåtå cakra daksånå,
kéngíng jangganipún Ditya Kålå Rau (Têmbúng Rau asal sakíng båså
Mêsír Kinå, têgêsipún Suryå. Ing båså Hindhu lan Jawi kina lajêng
dadós Rawi, Radityå, lan sasaminipún.) tatas tugêl sirahipun,
gêmbúng gumlúndhúng dhawah ing bantålå.
Kacariyós lajêng dadós lêsúng kanggê nutu pantún.
Déné sirah sampún kasrambah ing toyå Amrêtå, sagêd gêsang ing
salami-laminipún, sangêt ing muríng-muríngipun dhatêng Bathårå
Cåndrå, mila lajêng tansah dipún ubêr-ubêr, manawi kacandhak,
lajêng dipún caplók dipún untal malang.
Inggíh punika purwanipun wóntên grahånå rêmbulan, lajêng tiyang
tani sami kothèkan nabuhi lêsúng, pamrihipún badanipun Dityå Kålå
Rau lajêng kraós sakit, sirahipún mumêt, rêmbulan lajêng dipún
utahakên.
Wóntên ing pakêliran, punika dadós prang sêkar, Bathara Wisnu
prang mêngsah Ditya Kala Rêmbuculúng, ingkang dipún dombani
pårå dityå titisanipún Bathårå Antågå inggih Hyang Kålå Rudrå.
Ing salajêngipún kusumanggakakên sanggiting pakêliranipún lan

gêndhing - gêndhingipún.
ditya_rembu
Ditya Rembuculung
.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar