Sabtu, 12 Maret 2011

Ladrang Srikatón. Madêg Bathårå Maník inggíh Bathårå Guru

= 02 / 05 =


2. Ladrang Srikatón. Madêg Bathårå Maník inggíh Bathårå Guru,
lajêng nyiptå kadhatón minångkå Kahyanganipún, dipún
wastani Kahyangan Junggríng Salåkå inggíh Kahyangan Ujúng
Giri Kailåså.
Nuntên mundhút garwå minångkå saktinipún, putrinipún
Bathårå Umaran ing nagari Parasu, nåmå Dwi Umå.
Ing salajêngipún Bathårå Guru kaliyan garwå Dèwi
Umå pêputrå gangsal kakúng sadåyå,
1. Bathårå Sambo,
2. Bathårå Bråmå,
3. Bathårå Indrå,
4. Bathårå Bayu, lan
5. Bathårå Wisnu.
Nalika punikå Bathara Guru Sakaliyan garwå nuju miyós
siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan para Déwå
(Têmbúng Déwå asal sakíng basa Sanskrita Jawi-kina - Dew,
têgêsipún Cahyå.)
Nalikå punika pårå putrå dipún cariyósakên sampún kagungan
kahyangan lan garwå piyambak - piyambak.
1. Bathårå Sambo ing Kahyangan Hargådaksinå,
Swargådaksinå inggíh Kahyangan Swélågringgíng,
garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå lan Dèwi Astuti.
2. Bathårå Bråmå ing Kahyangan Hargådahånå (Swargådahånå),
garwanipún tigå, Dèwi Sad (Wasi), Dèwi Saraswati, lan
Dèwi Rarasati.
3. Bathårå Indrå ing Kahyangan Surålåyå inggíh
Kahyangan Indralokå, garwanipún nåmå Dèwi Wiyati,
Bathårå Indrå kawajiban mranåtå pårå Déwå, lajêng nyíptå
pagêlaran, nåmå Rêpat Kapanasan, Kadhatón Kênyapuri
Tinjomåyå, titihan Dwipånggå nåmå Héråwåta inggíh
Héråwånå,
4. Bathårå Bayu, minångkå déwaníng angín lan kêkiyatan ótót
bayu, ing Kahyangan Pusêrbawånå inggíh Kahyangan Swargå
Panglawúng, garwanipún nåmå Dèwi Sumi.
5. Bathårå Wisnu ing Kahyangan Uttåråsagårå inggíh
Uttaraswargå, Déwå ingkang mêmayu hayuníng bawånå,
garwanipún tigå, Dèwi Sri, Dèwi Pratiwi lan Dèwi
Sriyuwati inggih Dèwi Pujåyanti, patamananipún nåmå
Sriwêdari, titihanipún pêksi garudhå, nama Brihawan.
Nalikå punikå Bathara Guru sakaliyan garwå nuju lênggah
siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan pårå Déwå, Bathårå Guru
ngandikå, manawi ing wêkdal punika bumi pulo Jawi taksíh gonjing anjómplang, margi ing sisíh kilèn wóntên rêdinipun agêng inggíl, nåmå rêdi Jamúrdipå.
Bathårå Guru dhawúh supadós rêdi Jamúrdipa dipún dhungkari dipún gêmpali, kausúng kawaradinakên mangétan.
Sadåyå sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
bathara_sambo
Bathara Sambo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar