Sabtu, 12 Maret 2011

Unggah Ungguhing Basa A. Katrangan

Bab V - Unggah Ungguhing Basa A. Katrangan:
Basa Jawi punika pepak sanget, ngantos tiyang manca manawi badhé nyinau basa Jawi asring rumaos kewalahan, amargi saking kathahing sinonim tembung Jawi, caranipun ngetrapaken basa antawisipun tiyang ingkang bènten umur umuranipun utawi derajatipun lan malih pancèn wonten tembung tembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten
utawi boten matis.
Upaminipun tembung mangan: sinonimipun (dasanamanipun):
maem, dahar, madhang, malah taksih kathah panganggènipun ing basa kasar.
Antawisipun laré kaliyan nèm nèman sampun boten cak - cakanipun, semanten ugi antawisipun nèm nèman kaliyan tiyang sepuh lan sapanunggilanipun.
Lan malih asring wonten tembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten (dèrèng dipun sumerepi) upaminipun tembung: kadingarèn, upil, karipan, maido, lan sapanunggilanipun.
Manawi dipun tingali saking pandapuking tembung, kathah sanget éwah éwahipun, margi saking pepaking ater ater (awalan), seselan sarta panambang (akhiran) punika badhé katerangaken ing wingking.
Déné unggah ungguhing basa inggih punika caranipun ngetrapaken basa dhumateng tiyang ingkang dipun ajak gineman.

B. Unggah ungguhing Basa.
1. Basa Ngoko.
Basa ngoko, kapérang:
a. Ngoko Lugu,
wujudipun tembung tembungipun ngoko sadaya.
dipun ginakaken.
1. Dhateng sesami ingkang sampun kulina.
2. Dhateng kapernah nèm (anak, putu, murid, sémah).
3. Manawi pinuju ngunandika.
4. Wonten ing buku buku karangan (wucalan).

b. Ngoko Andhap Antya Basa,
wujudipun: ngoko, krama inggil.
dipun ginakaken:
1. Dhateng tiyang ingkang langkung enèm nanging langkung inggil derajatipun.
2. Priyantun kaliyan priyantun ingkang kulina ngoko.
Tuladha:
- Apa sliramu mengko sida tindak pasar mundhut bakal klambi? c. Ngoko Andhap Basa Antya,
wujudipun: Ngoko, krama inggil dipun selingi krama.
dipun ginakaken: antya - basa.
Tuladha:
- Coba panjenengan pirsani, bapak ora saéstu tindak, la kaé lagi maos buku. 2. Basa Madya:
Basa madya dipun ginakaken tiyang tiyang ingkang boten nggatosaken basa ingkang saé, racakipun tiyang padhusunan utawi paredèn lan tiyang pekenan.
Tuladha Basa Madya:
- nika, niku, ajeng, teng, nèk, saweg, napa, pripun, samang dika, lsp.
Basa Madya Kapérang:
a. Madya Ngoko,
wujudipun ngoko, madya.
Tuladha:
- Nèk dika ajeng tuku akèh mengké kula wèhké rada murah. b. Madya - Krama,
wujudipun: Madya kaliyan krama.
Tuladha:
- Dos pundi ta samang nika, sinjang saéné kados ngaten kok diwastani awon. c. Madya Antara,
wujudipun: Madya krama, krama inggil.
dipun ginakaken:
1. Priyantun dhateng tiyang kapernah sepuh nanging mimpang drajad.
2. Garwa priyantun.
3. Priyantun kaliyan priyantun ingkang sampun kulina.
Tuladha:
- Napa panjenengan ajeng ngersakaken mirsani bioskop, nèk kersa ngga kula dèrèkaken. 3. Basa Krama,
Basa Krama kapérang:
a. Kramantara,
wujudipun krama thok krama lagu.
dipun ginakaken:
1. Kanca kanca ingkang déréng kulina.
2. Wonten buku buku karangan (wucalan).
Tuladha:
- Nuju satunggiling dinten pun Kancil saweg mlampah mlampah wonten sapinggiring lèpèn, lsp. b. Muda Krama,
wujudipun: Krama lan krama inggil.
Basa Muda krama basa ingkang saé lan alus piyambak.
Ingkang ngginakaken:
1. Tiyang nèm dhateng tiyang sepuh.
2. Murid dhateng gurunipun.
3. Priyantun kaliyan priyantun.
Tuladha:
- Kula dipun dhawuhi bapak guru, supados matur kaliyan bapak, manawi bapak guru bénjing dinten Minggu badhé tindak dhateng dalemipun bapak. c. Krama Inggil,
wujudipun: Muda krama, namung tembung: mu- dalem, aku - abdi dalem, kowé - panjenengan dalem. dipun ginakaken tumrap para luhur / ratu.
Tuladha:
- Abdi dalem boten saged sowan ngarsa dalem, amargi anakipun dalem saweg sakit. d. Wreda krama,
wujudipun: krama nanging ater ater lan panambang boten dipun kramakaken.
Tuladha:
- Manawi diparengaké griyané ingkang kilèn punika kula enggènané. "di", "é", "aké" boten dipun kramakaken.
e. Krama désa,
Krama désa punika basanipun mesthinipun boten wonten kramanipun kapeksa dipun kramakaken, wonten malih mesthinipun sampun dipun kramakaken margi saking kirang maremipun lajeng dipun kramakaken malih.
Tuladha:
- jaran, kramanipun kapal dados kepel. - dhuwit, kramanipun arta dados yatra - tuwa, kramanipun sepuh dados sepah - belo, kramanipun dados belet - dhelé, kramanipun dados dhekeman - Boyolali, kramanipun dados Bajulkesupèn 4. Basa Kedhaton,
Basa kedhaton dipun ginakaken para abdi dalem kraton manawi pinuju gineman kaliyan ratu.
Tuladha:
- manira = aku
- pakènira = kowé
- enggah = inggih
- darbé = duwé
- boya = ora
- besaos = bae
5. Basa Kasar,
Basa kasar dipun anggé tiyang urakan, tiyang paben, tiyang saweg nepsu, lsp.
Pokokipun boten sekéca manawi dipun mirengaken.
mila ing ngriki boten perlu dipun rembag.

Cathetan:
Andharan ing nginggil punika prasasat kantun dados téori, kirang praktis.
Mila limrahipun kaum guru namung mlètèr murid murid mawi basa krama ingkang mèh mesthi kanggénipun: Muda krama.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar